BTJ 3.21
Sunan Kendhang Nungkul lan Kabêkta ing Batawi
Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 563-567
BTJ 3.21.1
Sang nata lajêng parentah dhatêng ingkang putra kang nama Pangeran Dipati Balitar, kinèn gêntos anglurug sarta binêktanan bala ing Kartasura sapalih, Pangeran Balitar nuntên bidhal dhatêng Pasuruan, sampun kumpul kalihan para bupati kang sami bêbarisan wontên ing ngriku, Pangeran Balitar sarta bupati sabalanipun nuntên bidhal saking Pasêdhahan, sumêja ambêdhah ing Malang, saklangkung agêng gêgamanipun. Wondene kang wontên ing Malang wau Sunan Kendhang kalihan Dipati Wiranagara, tiga Surapati, sakawan
BTJ 3.21.2
Suradilaga, sampun sami sumêrêp yèn dipun lurugi, lajêng sami mapan sajawining kitha lan sabalanipun. Botên dangu bala ing Kablitaran dhatêng, lajêng campuh prang, saklangkung rame, mêngsah dèrèng kathah kang pêjah, bala ing Kartasura sami riwut pangamukipun. Ngabèi Lor kalihan Ngabèi Kidul, tiga Ki Bun Jaladriya sampun sami pêjah, dening Ngabèi Wirasantika mantri ing Kartasura utawi para andêl-andêlipun Surapati inggih sampun sami pêjah sadaya, Ki Dipati Wiranagara lan sadhèrèkipun sampun sami lumajêng dhatêng satêngahing wana, Sunan Kendhang lumajêng dhatêng ing rêdi Dhungkul. Pangeran Balitar sabalanipun kathah ênggènipun angsal jarahan utawi bêboyongan, lajêng masanggrahan wontên ing ngriku.
BTJ 3.21.3
Wondene palajêngipun Sunan Kendhang sarêng dumugi ing Dhungkul, lajêng kenging ing pagêring, balanipun kathah kang pêjah, lajêng ngalih dhatêng ing Balitar, wontên ing Balitar Sunan Kendhang nuntên utusan dhatêng Surapringga, sumêja nungkul dhatêng tiyang Kumpêni, sarta mawi sêrat. Utusan inggih enggal lumampah,
BTJ 3.21.4
saungkuring utusan Sunan Kendhang tampi utusan saking Pangeran Balitar anyuwun wasiyat karaton, kang warni bêndhe Bicak, dhuwung Kyai Balabar, waos Kyai Baru, rasukan Kyai Gundhil. Wangsulanipun Sunan Kendhang sumaos benjing yèn sampun wontên ing Surabaya, wasiyat karaton badhe kasukakakên dhatêng Pangeran Balitar. Wondene utusanipun Sunan Kendhang kang dhatêng ing Surabaya inggih sampun kêpanggih kalihan kumêndur sarta ngaturakên sêrat. Kumêndur sampuning maos sêrat sangêt suka manahipun, lajêng wicantên. Kongkonan, kowe matura marang gustimu, yèn parêng takaturi marang Surabaya, besuk yèn wus rawuh ana ing kene sakarsane mêsthi takjurungi, sanajan karsaa jumênêng nata ana ing Kartasura manèh, aku iya nyaguhi. Utusan enggal pamit wangsul, sampun kêpanggih sarta matur ing gustinipun.
BTJ 3.21.5
Sunan Kendhang saklangkung suka, anuntên mangkat sagarwaputranipun, sarta abdi sawontênipun inggih kabêkta sadaya, lampahipun sampun dumugi ing Surabaya, kumêndur enggal mêthuk. Sunan Kendhang sampun binêkta dhatêng padalêmanipun Dipati Surabaya sarta sangêt kinurmatan dhatêng Kumpêni tuwin dhatêng sang dipati, Sunan Kendhang saputra garwa tuwin abdi saklangkung suka manahipun. Tuwan kumêndur alon matur sarwi angrêrêpa, sinuhun, bilih amarêngi galih dalêm, mugi lajênga têdhak dhatêng
BTJ 3.21.6
Samawis, apanggiha kalihan tuwan komasaris. Benjing yèn sampun wontên ing Samawis, amêsthi panjênêngan dhatêng jinunjung nata malih amêngku ing tanah Jawi, angadhaton ing Kartasura. Sunan Kendhang sarêng mirêng aturipun tuwan komasaris, saklangkung suka galihipun. Botên sumêrêp yèn badhe kenging apus saking gunanipun tiyang Kumpêni. Anuntên wontên utusanipun Pangeran Balitar malih anyuwun wasiyat karaton. Sunan Kendhang sumaur cugal.[15]
BTJ 3.21.7
Tutura marang Sudama, besuk yèn aku wis ngadhaton ing Kartasura takwèhake dhewe. Utusan inggih sampun mantuk.
BTJ 3.21.8
Anuntên wontên utusanipun sang prabu ing Kartasura dhatêng kumêndur, amundhut Ki Wiraguna, kalih Ki Mandurarêja, tiga Arya Tiron, sakawan Ki Pulangjiwa, gangsal Ki Mangunnagara, tuwan kumêndur inggih botên lênggana, lajêng kapasrahakên dhatêng Pangeran Balitar kang sawêg wontên ing Malang, nanging Ki Pulangjiwa wontên ing margi minggat, kacandhak lajêng pinêjahan.
BTJ 3.21.9
Kacariyos Sunan Kendhang sampun kaangkatakên saking Surabaya, mêdal ing laut, linajêngakên dhatêng ing Batawi lan sagarwaputranipun kala ing taun 1632. Wondene Pangeran Balitar sarêng sampun anampèni tiyang gangsal saking Surabaya, inggih enggal linajêngakên dhatêng Kartasura sarta binêktanan sêrat, suraosipun angaturi uninga, yèn nagri bang wetang sampun suyud sadaya, para anakipun Surapati sampun sami lumajêng dhatêng ing wana, lan angaturi uninga, yèn sakathahing wasiyat sami binêkta Sunan Kendhang dhatêng sabrang, dipun suwun dhatêng Pangeran Balitar botên suka. Utusan wau inggih enggal mangkat sarta andhèrèkakên jarahan tuwin bêboyongan. Sadhatêngipun ing Kartasura anjujug Ki Patih Cakrajaya, lajêng kaaturakên ing sang prabu,
BTJ 3.21.10
sang nata sasampuning maos sêrat, saklangkung suka sarta sangêt ngungun. Nuntên ngandika dhatêng Ki Patih Cakrajaya, Cakrajaya, bangêt pangungun ingsun, sabab pusaka karaton digawa anak prabu kabèh, nanging wruhanira, sanadyan sakèhing pusaka ginawa kabèh, sok mingsiha masjid ing Dêmak karo astana ing Adilangu, amung loro iku ugêre pusaka ing tanah Jawa, karodene sira nuli kongkonan marang ing Malang, putraningsun Ki Balitar timbalana mulih lan sabalane kabèh. [ka...] [...bèh.] Patih Cakrajaya matur sandika, lajêng anglampahakên utusan dhatêng Malang, Pangeran Balitar inggih enggal bidhal sabalanipun. Sadhatêngipun nagari ing Kartasura lajêng sowan ingkang rama sang
BTJ 3.21.11
prabu, sang nata saklangkung bingah ing galih, kêpanggih kalihan ingkang putra wuragil kêkalih unggul ing prangipun.
BTJ 3.21.12
Anuju ing dintên Sênèn sang nata miyos sinewaka, anjunjung lênggah Ki Wirasantika kaganjar nagari ing Jipang, kaparingan nama Tumênggung Surawijaya, sarta kadamêl Wadananipun bupati măncanagari sadaya, Ki Citrasoma kadadosakên Dipati ing Japara, Ki Jayaningrat kadadosakên Dipati ing Pakalongan. Ki Pusparudita ing Batang, Ki Wirasêmita kaangkat dados Tumênggung ing Wirasaba, wondene nagari Maduntên kapra tiga, ingkang saduman kaparingakên putranipun pambajêng Panêmbahan Cakraningrat, kang nama Sasranagara, kaêlih nama Pangegan[16] Cakraningrat. Dene ingkang kalih duman kaparingakên dhatêng wayahipun jalêr panêmbahan, anama Suryawinata kalih Sasrawinata, wondene tiyang gangsal kang saking Surabaya wau sami kalorodan kalênggahan sarta namanipun bupati, sang prabu lajêng kondur saking sinewaka.