BTJ 3.22
Panyuwun Kumpêni Bab Kapatènipun Jangrana
Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 567-571
BTJ 3.22.1
Kacariyos kapitan Wêlandi ingkang jagi ing Kartasura sowan dhatêng ing kadhaton kalihan Ki Patih Cakrajaya, angaturakên sêrat saking jendral ing Batawi, sampun [sampu...] [...n] tinampèn ing sang prabu lajêng winaos. Suraosipun, tuwan jendral anyuwun pêjahipun Ki Dipati Jangrana ing Surabaya, sabab kawastanan sakuthu kalihan Surapati kang sampun pêjah, pratandhanipun kala pêrang ing Pasuruan, tiyang Kumpêni sarta tiyang Madura kathah kang pêjah, amung balanipun Ki Dipati Jangrana botên wontên kang pêjah, bilih sang prabu botên anuruti panuwunipun jendral wau, tiyang Kumpêni sumêja amutungi gènipun pawong sanak kalihan sang prabu. Sang nata sarêng sampun maos sêrat, sangêt susah ing galihipun. Sabab bupati andêl-andêling prang kasuwun pêjahipun. Kapitan sarta ki patih sampun sami kinèn mantuk. Ing dalunipun sang prabu animbali Ki Patih Cakrajaya, kalih Ki Dipati Cakrasoma, tiga Ki Tumênggung Wiracana, sang nata angandika alon.
BTJ 3.22.2
Cakrajaya, Wiracana, Citrasoma, layang têka jendral iki prakara gêdhe, anjaluk patine Jangrana, iku bangêt susahe galih ingsun. Krana Si Jangrana iku andêl-andêl ingsun, prasasat bahuningsun kiwa, lan ora nana kaluputane marang ingsun. Iku kapriye kang padha dadi rêmbugira. Ki Cakrajaya sarta bupati kêkalih wau sami tumungkul, botên sagêd angaturi rêmbag. Sang nata angandika malih, yèn kaya mêngkono Cakrajaya, sira kirima layang, anjaluka rêmbug marang Si
BTJ 3.22.3
Adipati Sura Adimênggala ing Samarang, lan layange jendral wangsulana, prakara panjaluke iku, iya bakal ingsun turuti, nanging ingsun mundhut sarèh ing sawatara, krana nagara ing Surabaya iku gêdhe, Si Jangrana sugih bala sarta abăndha santana, upama ingsun kasapa amêsthi ya kêna, nanging ora wurung agawe rusake prajaningsun. Wis, wangsulana mêngkono bae layange si jendral. Ki Cakrajaya sarta kancanipun kêkalih nuntên mundur saking ing ngarsa dalêm.
BTJ 3.22.4
Ing enjingipun Ki Patih sampun amangsuli sêratipun jendral, tinampèn dhatêng kapitan. Punapa malih sêrat ingkang dhatêng ing Samawis tuwin kang dhatêng Surabaya inggih sampun sami kalampahakên dhêdhêmitan. Wondene ingkang dhatêng ing Samawis inggih sampun katampèn dhatêng Ki Dipati Sura Adimênggala sarta sampun winangsulan, sampun katur ing sang prabu, suraosipun. Kula pun Adipati Sura Adimênggala kapundhutan rêmbag prakawis tiyang Kumpêni gènipun nyuwun pêjahipun Adipati Jangrana, ingkang punika atur wangsulan kula, saupami pinaringêna, amêsthi dados susahipun galih dalêm. Sabab pun Adipati Jangrana punika dados pikukuhipun nagari dalêm. Upami botên pinaringêna, amêsthi tiyang Kumpêni sami sakit manahipun ing panjênêngan dalêm. Dados kawula nyumanggakakên punapa [pu...] [...napa] ingkang dados kêkêncênganipun galih dalêm piyambak. Sang nata sasampuning maos sêrat kang saking Samawis, sangsaya èmêng galihipun.
BTJ 3.22.5
Kacariyos sêrat dalêm ingkang dhatêng Surabaya inggih sampun katampèn dhatêng Ki Jangrana, suraosipun. Sang prabu aparing pariksa, yèn piyambakipun kasuwun pêjahipun dhatêng tiyang Kumpêni, sang nata anyarah ingkang dados kêkêncênganipun Ki Jangrana, bilih Ki Jangrana sumêja mragagah, sang nata inggih angidèni. Ki Dipati Jangrana sarêng sampun maos sêrat, sangêt gènipun jêngat.[17] Nanging lajêng sarèh manahipun. Enggal animbali mantrinipun kêkasih anama Wiratanta, sangêt limpat ing panggraita, sarta ingkang rayi sang dipati têtiga anama Arya Jayapuspita, kalih Panji Surèngrana, tiga Panji Kartayuda, priyantun sakawan wau lajêng sami pinaringan ningali sêrat saking Kartasura. Ingkang rayi têtiga sarêng sampun maos sêrat, lajêng sami anangis sarwi sami nungkêmi sukunipun sang dipati, matur sarta ngusapi waspa, kakang, sampeyan
BTJ 3.22.6
botên dosa dhatêng sang prabu tuwin dhatêng Kumpêni, suwawi sami mragagah, aluhung pêjaha wontên paprangan.
BTJ 3.22.7
Ki Wiratanta matur, sang dipati, pêjah sampeyan prayogi sampeyan sumanggakakên. Sampeyan sampun ngantos balela ing ratu, anututa kemawon. Mila mêngkatên, ing samangsanipun [samangsa...] [...nipun] sampeyan sumêja balela, amêsthi turun sampeyan sadaya botên badhe andarbèni nagari ing Surabaya, amêsthi badhe kaliya lan badhe adamêl risakipun nagari dalêm, para santana sampeyan sarta têtiyang sa-Surabaya anêmahi tiwas. Saupami sampeyan nutut angamungakên sarira sampeyan piyambak, ing wingking sami wilujêng. Nanging ingkang rayi têtiga wau kêdah nanggulang ing mêngsah tiyang Kumpêni, sabab kamanah sang dipati botên dosa.
BTJ 3.22.8
Sang dipati angandika, adhi-adhiku kabèh, wis, padha mênênga, bobot timbang ana ing aku dhewe, pituture si kakang Wiratanta iki bênêr, ing wêkasan sêlamêt. Sanajan aku nêmahana mati, sok uga anak sadulurku kabèh padha tulusa mukti. Sang dipati tumuntên pamit dhatêng ingkang garwa sarta angarasi ing putranipun jalêr kang taksih rare anama Jaka Tangkêban. Sarwi angusapi waspa, sang dipati lajêng bidhal dhatêng ing Kartasura, para santananipun sami tumut. Sadhatêngipun ing Kartasura anjujug padalêmanipun pondhok ing Surabayan.