BTJ 3.23
Kapatèn Jangrana lan Dukanipun Jayapuspita
Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 571-575
BTJ 3.23.1
Sang dipati ngantos kalih wulan ênggènipun wontên ing Kartasura, dèrèng wontên punapa-punapa, ing sabên dintên Sênèn Kêmis sang dipati arêrêsik, lajêng sowan dhatêng pagêlaran, madhêp ing ngarsanipun sang prabu. Anuntên tuwan komasaris dhatêng anêrang prakawis punika, nanging [na...] [...nging] taksih sinanggi krami dhatêng sang prabu, sang nata tansah anantun dhatêng sang dipati mênggah kêkêncênganipun. Atur wangsulanipun sang dipati botên ewah, anyumanggakakên pêjahipun kemawon. Namung adhinipun kang nama Arya Jayapuspita kasuwunakên anggêntosana kalênggahanipun dados bupati ing Surabaya, sang nata inggih sampun amarêngi ingkang dados panyuwunipun.
BTJ 3.23.2
Kala samantên pinuju ing dintên Kêmis para bupati mantri sampun sami sowan wontên ing pagêlaran. Sang Dipati Jangrana inggih sampun sowan, para santananipun sami tumut. Sang dipati tinimbalan dhatêng kadhaton. Sarêng dumugi kori ing Kamandhungan lajêng pinêthukakên ing lêlurah Martalulutan Singanagara, Sang Dipati Jangrana pinarjaya,
BTJ 3.23.3
jaja têrus ing gigir lajêng pêjah. Arya Jayapuspita kang wontên ing pagêlaran sumêrêp, yèn kakangipun sampun pêjah, lajêng angêjèpi balanipun. Bala ing Surabaya nuntên sami dhatêng, kang wontên ing pondhokan, sagêlar sapapan sami abaris ing panggungan, watawis kalih èwu, para bupati mantri kang sami wontên ing pagêlaran, ebah sami angatos-atos, anarka yèn badhe dados prang. Anuntên Ki Tummênggung Sumabrata mêdal saking kadhaton, angêmban timbalan dalêm dhatêng Ki Arya Jayapuspita, [Jayapuspi...] [...ta,]
BTJ 3.23.4
Ki Jayapuspita, pakênira pinaringan wêruh, yèn kakangira ing biyèn bisa anjumênêngake nata ing sang prabu, samêngko kakangira wis pinatenan ing sang prabu tanpa dosa, aja dadi sake ati pakênira, pakênira ginêntèkake dadi bupati ing Surabaya.
BTJ 3.23.5
Arya Jayapuspita sarêng mirêng sangêt ing krodhanipun. Nanging pinêkan, têmah nangis anggrêro, mukanipun tinutupan usap tangan. Kang ningali sami wêlas. Anuntên matur bêbisik dhatêng Ki Sumabrata, Kyai Sumabrata, timbalan dalêm wau sadaya inggih sampun saklangkung ing panuwun kula, nanging kula anyuwun lila dalêm. Sarèhning kula sumêrêp, yèn pêjahipun pun kakang punika dede saking karsanipun sang prabu, awit panyuwunipun Kumpêni ingkang aniaya, punika kula sarta tiyang Surabaya sadaya badhe sami bela pêjah, bilih sang nata anglilani, ing sadintên punika kula sumêja ngamuk dhatêng tiyang Wêlandi kang wontên ing Kartasura ngriki.
BTJ 3.23.6
Ki Sumabrata enggal wangsul lumêbêt matur ing sang prabu, sang nata sarêng mirêng aturipun Ki Sumabrata saklangkung pugêt galihipun. Lajêng andhawahi kyai pangulu tuwin suranata, kêtib lawan modin, kinèn sami andêdonga, supados liliha krodhanipun Ki Arya Jayapuspita, Ki Sumabrata nuntên mêdal malih, andhawahakên timbalan dalêm dhatêng Ki Arya,
BTJ 3.23.7
Ki Jayapuspita, ing panuwun pakênira mau sang prabu boya anglilani, wikan mêngko, yèn baris pakênira wus mêtu sêka panangkilan. Ki Arya lajêng bidhal sabalanipun saking pasowan ing wanci lingsir kilèn. Lampahipun alon kados amilang tindak. Sarêng dumugi sakiduling masjid agêng lajêng sami nolih, abaris ngajêngakên alun-alun. Anuntên sang prabu utusan malih, Ki Jayapuspita, pakênira andikakakên baris kang adoh sêka ngalun-alun. Yèn barisira wus adoh, bokmanawa sang nata karsa angrojongi marang pakênira. Ki
BTJ 3.23.8
Jayapuspita inggih lajêng ambudhalakên barisipun ing wanci sêrap srêngenge, mangalèr anjog ing pakundhèn. Arêrêp wontên ing ngriku.
BTJ 3.23.9
Ing wanci dalu Ki Tumênggung Sumabrata dhatêng kautus ing sang prabu, amatêdhakakên sêrat kalihan busana sapatadhahan sarta arta kalih èwu ringgit. Sampun sami tinampèn dhatêng ki arya, ungêlipun ingkang sêrat, kulup Jayapuspita, ing samêngko sira sun gêntèkakên marang kakangira, dadi bupati ing Surabaya, sira tumuli muliha marang Surabaya, nagara ing kono sira tataa sarta angayumana sanak sadulurira, supaya têntrêma atine, besuk ing samangsane wong cilik wis padha kapenak atine, ingsun anjurungi ing kaniyatanira, bakal ambelani patine kakangira. Ki Jayapuspita sarêng sampun [sa...] [...mpun] maos sêrat, lajêng sujud ing siti sarwi anangis. Sabab napsunipun kapapas dening agênging sihipun sang prabu, wangsulanipun Ki Arya saklangkung nuwun sarta sandika, nuntên bidhal mantuk dhatêng ing Surabaya sabalanipun. Sadhatêngipun ing Surabaya lajêng atata-tata gêgamaning prang sarta adamêl bingahing balanipun. Tiyang ing padhusunan jalêr èstri sami kapardi ngibadah kalihan ngaos Kur'an. Ing samangsanipun tiyang padhusunan wau sami purun sêmbayang, lajêng kalêpatakên ing paos tuwin takêr turun sapanunggilanipun. Malah asring tampi pêparing, dados kathah têtiyang padhusunan kang sami kapradikakakên. Têtiyang bawah ing Surabaya jalêr èstri sami ajrih asih dhatêng Sang Dipati Jayapuspita, tuwin tiyang ing nagari sanès inggih kathah ingkang sami agêgriya ing Surabaya, awit sami trêsna dhatêng sang dipati, ambêkipun sabar sarta sagêd angecani manahing bala, dana bojanipun lumintu, sinêngkalan 1633.