BTJ 3.24

Ki Mandana (Mas Dana) lan Pambangunan Masjid Dêmak

Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 575-577

BTJ 3.24.1

Kacariyos sang prabu amêrnata kalênggahanipun para bupati mantri, kawangsulakên kados kala alam Matawis. Anuntên Pangeran Natakusuma bupati ing Kartasura pêjah, sampun kagêntosan ing anakipun jalêr, kaparingan nama Pangeran Arya Pringgalaya. Taksih tunggil taun ing dhusun Ngenta-enta wontên tiyang kraman anama Ki Mandana, mantunipun Ki Gêdhe ing Pacukilan. [Pacukila...] [...n.] Sampun kathah balanipun sarta sampun adamêl mantri bupati, anuntên dipun lurugi dhatêng Ki Jayawinata bupati ing Matawis. Ki Jayawinata kawon pêrangipun, enggal lumajêng dhatêng ing Kartasura, ngaturi uninga ing sang prabu. Sang nata inggih enggal aparentah dhatêng Pangeran Pringgalaya, kinèn anglurugi kraman Ki Mas Dana, kacêpênga gêsang, sabab sang nata kagungan punagi, ing samangsanipun Ki Mas Dana

BTJ 3.24.2

wau kacêpêng gêsang, badhe kadamêl tontonan, karampog ing êdom dhatêng têtiyang sanagari Kartasura. Pangeran Pringgalaya nuntên bidhal sarta kinanthenan bupati ing Kartasura sapalih lan sabalanipun. Sadhatêngipun ing Ngenta-enta lajêng campuh prang, tiyang kraman kathah kang pêjah, Ki Mas Dana lumajêng angungsi ing rêdi Barabudhur, Pangeran Pringgalaya sabalanipun angêlud. Rêdi nuntên kinêpang, Ki Mas Dana sampun kacêpêng, lajêng binêkta mantuk dhatêng Kartasura, kaaturakên ing sang prabu,

BTJ 3.24.3

sang nata nuntên angundhangi ing têtiyang sanagari, sami kadhawahan dhatêng ing alun-alun sarta sami ambêktaa êdom. Ki Mas Dana lajêng kaugêr wontên sangandhaping waringin kurung, nuntên karampog ing êdom. Ngantos tigang dintên waradinipun têyang[18] sanagari ênggènipun angrampog. Nuntên kakêthok gulunipun, sirah kapanjêr. Sasampuning pêjah Ki Mas Dana, marasêpuhipun kang nama Ki Gêdhe Pacukilan katur ing sang prabu yèn sumêja balela, sang nata inggih enggal parentah anglurugi, Ki Gêdhe sampun cinêpêng lajêng pinêjahan.

BTJ 3.24.4

Anuntên Ki Tumênggung Kartanagara ênggènipun dados Patih lêbêt kamantunan. Padamêlaning patih kadadosakên satunggil, wontên Ki Patih Cakrajaya, angingêrakên ing tiyang satanah Jawi. Botên antawis lami sang nata parentah dhatêng Ki Tumênggung Wiracana, andikakakên bangun masigid[19] Dêmak, nyalini sirapipun. Sang nata ambêktani arta sèwu ringgit dhatêng Ki Wiracana, kinèn damêl waragad. Ki Wiracana inggih enggal mangkat. Masigid sampun kabangun sinalinan sirapipun. Wondene lamine panggarapipun amung tigang wulan. Kala samantên sinêngkalan 1634.

BTJ 3.24.5

Ki Tumênggung Wiracana sampun mantuk dhatêng ing Kartasura, lajêng sakit andadosakên ing pêjahipun. Kalênggahanipun wadana gêdhong sampun kagêntosan ing sadhèrèkipun. Dene ingkang kadadosakên Wadana kaparak kiwa têngên, Pangeran Dipati Balitar.