BTJ 3.25

Palakrama Pangeran Riya lan Pêrang Winongan

Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 577-578

BTJ 3.25.1

Sarêng sampun antawis kawan taun malih, sang nata amêmantu wayah sami wayah, putranipun Pangeran Dipati Anom pambajêng jalêr, anama Den Mas Damar kadhaupakên kalihan putranipun èstri Pangeran Balitar, anama Radèn Ajêng Wulan. Ananging Radèn Mas Damar wau timur mila [mi...] [...la] kapêndhêt putra dhatêng Pangeran Dipati Purbaya, sarta sangêt ing trêsna kalih-kalihipun. Kala dhaupe panganten wau saklangkung agêng bawahanipun. Atut ênggènipun

BTJ 3.25.2

akrama, Radèn Mas Damar lajêng kaangkat nama pangeran riya, kaparingan lêlênggah sabin sèwu karya, kala panggihe pangantèn sinêngkalan 1639.

BTJ 3.25.3

Anuntên Radèn Tirtakusuma ing Winongan ambalik, sumêja mêngsah ing sang prabu, sampun abêdhah[20] nagari Pasuruan. Bupati ing Pasuruan anama Ki Tumênggung Jadita, sampun lumajêng dhatêng ing Kartasura, sang nata enggal parentah dhatêng Ki Tumênggung Kartanagara sarta para bupati măncanagari, kinèn ambêdhah ing Winongan. Inggih sampun kalampahan. Ênggènipun ambêdhah ing Winongan ngantos tigang wulan. Radèn Tirtakusuma lumajêng dhatêng ing Lumajang, anak rabinipun sami binoyongan, rajabrananipun kajarahan, kitha ing Winongan binêsmenan sadaya, Ki Tumênggung Kartanagara sakancanipun mantuk dhatêng ing Kartasura sarta ambêkta jarahan tuwin bêboyongan. Ki Tumênggung Jadita lajêng tinuwêk wontên ing alun-alun Kartasura, dosanipun tiwas anggènipun rumêksa nagari ing Pasuruan, botên purun amêthukakên prangipun tiyang ing Winongan.