BTJ 3.26

Wiwitan Balelanipun Jayapuspita

Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 578-581

BTJ 3.26.1

Kacariyos Arya Jayapuspita, kala sampun anggêntosi [ang...] [...gêntosi] kakangipun dados dipati ing Surabaya, ênggènipun sowan dhatêng ing Kartasura amung sapisan, pinuju ing wulan Mulud. Bala ing Surabaya kinêrig binêkta sadaya sarta sagêgamaning prang, wêtawis kathahipun gangsal èwu, utawi adhinipun jalêr kêkalih inggih binêkta, anama Panji Kartayuda kalih Panji Surèngrana, sami ambêkta bala nyèwu. Sang nata kalanipun aningali Ki Arya Jayapuspita sabalanipun samakta sagêgamaning prang, saklangkung suka ing galihipun. Lajêng angundhangi ing tiyang sanagari Kartasura, kinèn anyêlut ukiraning dhuwung ing salaka utawi ing kancana, inggih sampun kalampahan sarta saklangkung prayogi, wiwitan kala samantên wontênipun ukiran kasêlut. Ki Jayapuspita wau gènipun wontên ing Kartasura botên lami, tumuntên mantuk dhatêng Surabaya, botên purun sowan malih, sumêja balela. Sang prabu tumuntên uusan[21] Ki Tumênggung Sumabrata kalih Ki Ngabèi Wiramênggala animbali Ki Jayapuspita dhatêng ing Surabaya, gènipun wontên ing Surabaya samadya căndra, nanging Ki Jayapuspita tansah sumados kemawon. Ki Sumabrata kalih Ki Wiramênggala sumêrêp yèn sinanggi krami, tumuntên mantuk dhatêng Kartasura matur ing sang prabu, sang nata enggal akintun sêrat dhatêng

BTJ 3.26.2

kumêndur ing Samawis, aparing pariksa yèn Ki Jayapuspita [Jayapuspi...] [...ta] mogok, sumêja balela, utusan kang ambêkta sêrat enggal lumampah, sampun kêpanggih kalihan kumêndur. Tuwan kumêndur sarêng sampun maos sêrat, sangêt gugup ing manahipun, lajêng mangkat dhatêng ing Surabaya mêdal ing laut. Wondene Ki Jayapuspita wau ing sapêngkêripun Ki Sumabrata lajêng parentah dhatêng adhinipun kang nama Panji Surèngrana, kinèn wiwit ambêdhah ing Garêsik. Panji Surèngrana inggih lajêng bidhal sabalanipun tiyang ing Lamongan, mêdal ing Giri, anjog ing Garêsik lajêng prang angrangsang biting, nanging botên kenging karêbat. Panji Surèngrana sabalanipun mundur dhatêng ing Lamongan.

BTJ 3.26.3

Anuntên tuwan kumêndur dhatêng wontên ing Surabaya, kêpanggih kalihan Sang Dipati Jayapuspita, saklangkung sinuba-suba, kumêndur pitakèn bab Panji Surèngrana ênggènipun anginggahi ing Garêsik. Wangsulanipun Ki Jayapuspita apitambuh sarta sagah badhe andukani dhatêng adhinipun. Kumêndur pitakèn malih sabapipun botên purun sowan dhatêng ing Kartasura, wangsulanipun Ki Jayapuspita, inggih sagah tumuntên sowan. Kumêndur sarêng mirêng wangsulanipun Ki Jayapuspita makatên, sarta sangêt ênggènipun angurmati dhatêng piyambakipun. Saklangkung pakèwêd manahipun. Lajêng parentah ambangun bètèng ing Garêsik. Sarêng sampun dados, kumêndur tumuntên [tumu...] [...ntên] mantuk dhatêng ing Samawis.

BTJ 3.26.4

Ing sapêngkêripun tuwan kumêndur Panji Surèngrana lajêng utusan minta sraya dhatêng nagari Bali, mêdal ing Samawis. Botên dangu tumuntên dhatêng, kathahipun kawan atus. Têtindhihipun anama Dewa Kaloran. Dhatêngipun lajêng anukup ing Garêsik. Têtiyang ing Garêsik gègèr, sami lumajêng ing sapurug-purug. Sabab botên wontên nyana yèn wontên mêngsah dhatêng ing wanci dalu, rajabrananipun têlas kajarah karayah, sabêdhahipun nagari Garêsik Dewa Kaloran sabalanipun mantuk dhatêng ing Bali sarta jangji benjing badhe wangsul. Panji Surèngrana inggih kathah ênggènipun anyukani rajabrana, kinèn angaturakên rajanipun.