BTJ 3.27
Panji Kartayuda lan Surêngrana Nglurug Pasisir
Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 581-583
BTJ 3.27.1
Kacariyos Sang Dipati Jayapuspita, aparentah dhatêng adhinipun kêkalih, sami kinèn wiwit anêlukakên tiyang măncanagari tuwin tiyang ing pasisir, sadhèrèk kêkalih sami bêbah-bêbahan. Panji Kartayuda angirid bala sèwu, lajêng anggêbag nagari Japan. Inggih sampun nungkul. Lajêng dhatêng Wirasaba, bupatinipun sêpên, anglêmpak
BTJ 3.27.2
dhatêng Kadhiri sumêja mapag prang, ing Wirasaba sampun katanêman bupati dhatêng Panji Kartayuda, Panji Kartayuda sabalanipun lajêng dhatêng Kadhiri, wontên ing ngriku pinêthuk prang, tiyang Kadhiri kawon, Bupatinipun lumajêng dhatêng ing Kartasura. Wondene Panji [Pa...] [...nji] Surèngrana inggih angirid bala sèwu, anggêbag ing Sidayu, pinêthuk prang rame, kathah papêjah, ing Sidayu sampun bêdhah, Panji Surèngrana lajêng mingêr anggêbag ing Jipang, inggih sampun bêdhah, Bupatinipun kaplajêng, sabab kadêrojog botên sumêrêp. Panji Surèngrana nuntên wangsul anggêcak ing Tuban, sampun kancikan dhatêng Panji Surèngrana sabalanipun. Bupati ing Tuban lumajêng dhatêng ing Kartasura.
BTJ 3.27.3
Kacariyos sang prabu ing Kartasura, pinuju miyos sinewaka, para bupati pasisir, măncanagari, ing Kêdhu, Banyumas pêpak sadaya, tuwin para bupati ing nagari Kartasura sarta putra santana inggih sampun pêpak, ing pagêlaran jêjêl botên wontên sêlanipun. Ki Patih Cakrajaya matur, yèn Ki Dipati Jayapuspita saèstu balik, sampun angirup-irup tanah pasisir tuwin măncanagari, kang băngga ginêbag ing prang, ing Japan, Wirasaba, Kadhiri, Jipang sampun bêdhah, punapa malih ing Sidayu kalihan ing Tuban inggih sampun karisak dening tiyang Surabaya.
BTJ 3.27.4
Sang nata ngandika sêru, Cakrajaya, dikêbat awèha wêruh marang kumêndur ing Samarang, sarta anjaluka bantu bala Kumpêni, lan sira dhewe ngluruga, angirida wong pasisir kabèh, mêtua ing Samarang, lan Ki Tumênggung Kartanagara dhawuhana nglurug marang Surabaya, mêtua ing Jagaraga, anindhihana prange bocah măncanagara. Ki patih matur sandika, sang nata kondur angadhaton.
BTJ 3.27.5
Ki Patih kalihan Ki Tumênggung Kartanagara lajêng pradandosan, sarta sampun anglampahakên sêrat dhatêng ing Samawis. Sarêng sampun samakta, Ki patih nuntên bidhal sabalanipun dhatêng ing Samawis, kèndêl wontên ing ngriku angêntosi bala Kumpêni kang saking Batawi. Wondene Ki Tumênggung Kartanagara inggih sampun bidhal, mêdal ing Jagaraga, angirid bala măncanagari sadaya, amung bupati ing Garobogan kapêthil tumut ing ki patih, Bupati Garobogan kêkalih, anama Suryawinata, Sasrawinata, wayahipun Panêmbahan Cakraningrat suwargi, kala rumiyin sampun kadadosakên bupati ing Madura, nanging botên lami lajêng kaêlih dhatêng garobogan.