BTJ 3.28

Pêrang Jipang, Sidayu, lan Tuban

Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 583-586

BTJ 3.28.1

Lampahipun Ki Tumênggung Kartanagara sampun ngancik ing dhusun Majaranu, bala măncanagari sampun sami kumpul tuwin Tumênggung Jipang inggih sampun anunggil. Saklangkung agêng gêgamanipun. Lajêng têmpuh prang kalihan Panji Surèngrana kang wontên ing kitha Jipang, balanipun Panji Surèngrana kathah kang pêjah, lajêng mundur sabalanipun dhatêng ing Lamongan. Ing kitha Jipang sampun dipun ênggèni dhatêng Ki Tumênggung Kartanagara.

BTJ 3.28.2

Kacariyos srayanipun Panji Surèngrana samangke dhatêng malih wontên ing Garêsik, anama Dewa Kaloran. [Ka...] [...loran.] Ambêkta bupati têtiga, anama Dewa Soka, kalih Dewa Sade, tiga Dewa Bagus. Balanipun tiyang Bali pitung atus. Dewa Kaloran sampun kêpanggih kalihan Panji Surèngrana, rêmbagan badhe anginggahi ing Jipang malih. Ing Garêsik ngriku wontên Juragan satunggil, saklangkung sugih, kathah rencangipun tiyang têtumbasan, anama Juragan Bali, dêdêgipun gagah prakosa, watêkipun botên sabaran. Kaduk ing kapurunanipun. Nate pêrang ing sagantên. Ki Juragan wau sampun kadadosakên pamuking prang dhatêng Panji Surèngrana, sarta kathah ing pangêbangipun. Anak bojonipun sami kadekekakên ing Surabaya, kadamêl cêpêngan. Supados Ki Juragan sampun ngantos angoncati salêbêting prang,

BTJ 3.28.3

Panji Surèngrana nuntên bidhal sabalanipun, sumêja anggêbag ing Jipang, sarta ambêkta tiyang Bali satus. Ki Juragan sarencangipun têtumbasan kadamêl pangajênging prang, sadhatêngipun ing Jipang lajêng prang rame kalihan Ki Tumênggung Kartanagara sarta bala măncanagari, papêjahipun kathah, Ki Tumênggung Kartanagara sarta tiyang măncanagari lumajêng, kèndêl ing dhusun Barongkol sakilèning Jipang, amargi dipun amuk dhatêng Ki Juragan sarencangipun. Ing kitha Jipang sampun kancikan dhatêng Panji Surèngrana sabalanipun. Anuntên Panji Surèngrana tampi pratelane [pratela...] [...ne] balanipun, yèn nagari Sidayu, ing Tuban sampun karêbat dening gêgaman pasisir, saking parentahipun Ki Patih Cakrajaya, samangke taksih wontên ing Samawis, sawêg angêntosi bala Kumpêni, Panji Surèngrana sarêng mirêng sangêt nêpsu, nuntên parentah dhatêng Ki Juragan Bali, kinèn anglanggar mêngsahipun kang wontên ing Sidayu sarta Tuban. Ki Juragan enggal mangkat, binêktanan bala kalih èwu, tiyang Bali sèkêt.

BTJ 3.28.4

Lampahipun Ki Juragan sampun dumugi ing Sidayu, lajêng campuh prang kalihan bala pasisir, Ki Juragan saklangkung wantêr mudhun saking kuda, wontên ing ngajêng angamuk sarencangipun. Kathah kang

BTJ 3.28.5

sami pêjah, bala pasisir gila aningali tandang pangamukipun Ki Juragan sarta têtiyang Bali, nuntên sami lumajêng dhatêng ing Tuban, anglêmpakakên bala sarta sami abêbiting, ing Sidayu sampun kancikan ing Ki Juragan Bali.

BTJ 3.28.6

Ki Juragan sabalanipun angêlud dhatêng Tuban, sumêja ngrangsang biting, bala pasisir anadhahi, Ki Tumênggung Tuban gadhah tiyang têtumbasan, kathahipun pitung dasa, lajêng ingabên pêrang anadhahi prangipun Ki Juragan. Bala pasisir angêbyuki saking kiwa têngên. Balanipun Ki Juragan kathah kang pêjah, utawi babêktanipun tiyang Bali sèkêt wau sampun sami pêjah sadaya, sabab kêkathahên mêngsahipun. Ki Juragan sabalanipun nuntên mundur lon-lonan, sarta lajêng kengkenan asuka pariksa dhatêng Panji Surèngrana kang wontên ing Jipang.

BTJ 3.28.7

Panji Surèngrana sarêng tampi pratela, yèn Juragan kawon prangipun. Enggal bidhal saking Jipang sabalanipun, sumêja têtulung Ki Juragan. Ing sapêngkêripun Panji Surèngrana kitha ing Jipang lajêng dipun ênggèni malih dhatêng Ki Tumênggung Kartanagara, sarta angêrigi tiyang măncanagari, Ki Tumênggung Kartanagara barisipun sampun agêng malih. Wondene lampahipun Panji Surèngrana sabalanipun sampun dumugi ing Tuban. Lajêng prang kalihan Tumênggung Tuban sarta bala pasisir, Panji Surèngrana sabalanipun ngamuk liwung, bala ing Tuban kathah kang pêjah, Tumênggung Tuban sabalanipun lumajêng dhatêng Lasêm, anglêmpakakên balanipun kang sami lumajêng, ing Tuban sampun kancikan dhatêng Panji Surèngrana. Anuntên bêbantu saking Ki Patih Cakrajaya dhatêng wontên ing Lasêm, têtindhihipun Ki Dipati Citrasoma ing Japara sabalanipun, sarta ambêkta bupati ing Kudus, Dêmak, Pathi, ing Juwana sabalanipun. Sampun sami ngalêmpak wontên ing Lasêm. Barisipun saklangkung agêng, lajêng bidhal angrêbat ing Tuban. Panji Surèngrana sabalanipun lumajêng dhatêng Paronggahan. Sabab karoban kathah, lawan ing Tuban sampun karêbat dening bala pasisir.