BTJ 3.29
Bala Kumpêni lan Pabitingan Surabaya
Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 586-588
BTJ 3.29.1
Kacariyos bala Kumpêni kang saking Batawi dhatêng wontên [wo...] [...ntên] ing Samawis, kathahipun tigang brêgada, jinisipun warni-warni, Wêlandi, Ambon, Tarnate, Bugis, Makasar, têtindhihipun anama Amral Brikman. Punapa malih para bupati pasisir kang sakilèning Samawis inggih sampun pêpak wontên ing ngriku sabalanipun. Kala ing wêktu punika ing Samawis saklangkung kathah ing têtiyang, jinisipun warni-warni.
BTJ 3.29.2
Sarêng bala Kumpêni sampun aso ing sawêtawis, ingkang kalih brêgada nuntên kabidhalakên mêdal ing laut, têtindhihipun Kumêndur Gobyo ing Samawis, kalih Kapitan Krasbun. Amral Brikman kantun ing Samawis sarta bala Kumpêni sabrêgada, Ki Patih Cakrajaya tumut mêdal ing laut. Para bupati pasisir, ing Têgal, Pakalongan, ing Kêndhal, Kaliwungu, ing Batang, sabalanipun kinèn mêdal dharat. Saklangkung agêng lampahing gêgaman. Lampahipun Ki Patih kalihan kumêndur mampir dhatêng ing Tuban, angêntosi gêgaman kang mêdal dharat wau sarta anglêmpakakên balanipun para bupati pasisir kang sampun wontên ing ngriku. Ki Patih lajêng anglampahakên utusan dhatêng Jipang animbali Ki Tumênggung Kartanagara kalihan tiyang măncanagari sadaya, kinèn dhatêng Surabaya, sampun ngantos angopèni rêriwukipun Panji Surèngrana wontên ing margi, sarta kapêsthi ing dintên dhatêngipun wontên ing Surabaya, supados sarênga dhatêngipun kalihan [kaliha...] [...n] ki patih. Utusan enggal mangkat, sampun dumugi ing Jipang, Ki Tumênggung Kartanagara inggih enggal bidhal kalihan bala măncanagari, ing Jipang tinilaran bala sawêtawis, têtindhihipun Ki Tumênggung Surawijaya ing Jipang, lampahe ki tumênggung lan sabalanipun sampun dumugi ing Surabaya, atata pasanggrahan sarta abêbiting wontên sakiduling kitha, nama ing dhusun Sapanjang, balanipun angêbêki ara-ara tuwin pasabinan.
BTJ 3.29.3
Wondene Ki Patih Cakrajaya kalihan kumêndur sarta bala Kumpêni ing sarêng dhatêngipun wontên ing Surabaya, anjujugi loji, ing ngriku sampun wontên bètèngipun alit, kajagèn Kumpêni kawan dasa, kala rumiyin sampun kainggahan dhatêng gêgaman ing Surabaya, nanging botên kenging, kumêndur wau lajêng abêbiting malih, anuntên gêgaman pasisir kang mêdal dharat sami dhatêng, kathahipun tanpa wilangan. Lajêng sami abêbiting tunggil Ki Patih Cakrajaya, untabing bala ambêlabar kados toya sagantên tanpa têpi, sarta sami angatos-atos. Bala Kumpêni inggih sampun anata maryêmipun wontên ing bètèng, ki patih kalihan ti[22] Tumênggung Kartanagara lajêng sami anglampahakên utusan, angaturi palapuran ing sang prabu.