BTJ 3.30
Juragan Bali Nungkul lan Pêrang Lamongan
Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 588-592
BTJ 3.30.1
Gêntos kacariyos Panji Surèngrana kalihan Juragan Bali, kalanipun Ki Patih Cakrajaya dhatêng wontên ing Tuban. Panji Surèngrana sumingkir saking ing Paronggahan. Sarêng ki patih sampun mangkat dhatêng Surabaya, Panji Surèngrana sarta Ki Juragan wangsul dhatêng ing Paronggahan malih. Kala samantên Ki Juragan Bali apikir ing manahipun. Si panji iki kapriye, tuture marang aku ênggone nglakoni pêrang iki awit saka parentahe sang prabu ing Kartasura, jêbulane amungsuh pêpatihe sang prabu sarta wong satanah Jawa, dadi aku iki milu wong duraka ing ratu, măngka ing kauripanaku iki anglakoni dagang kongsi dadi ing kasugihanaku, awit saka brêkahe kang jumênêng nata ing tanah Jawa, angur aku milua marang ki patih, têrkadhang dadi kamulyane awakku. Ki Juragan lajêng awad-awad sakit, botên nêdha-nêdha ngantos pitung dintên pitung dalu, nanging lajêng sakit sayêktos ising-isingên. Sarêng katur dhatêng Panji Surèngrana, Ki Juragan nuntên kinèn mantuk dhatêng Garêsik saanakbojonipun. Lampahipun karêmbat ing tandhu, sadhatênge ing griyanipun Garêsik Ki Juragan enggal nêdha sêkul, lajêng saras sami sakala.
BTJ 3.30.2
Kacariyos srayanipun Panji Surèngrana kang nama Dewa Kaloran, lan sabalanipun tiyang Bali, amakuwon ing Garêsik. Dewa Kaloran wau pinuju ragi sakit. Nuntên angundang ing Ki Juragan Bali, Dewa [De...] [...wa] Kaloran pitakèn pawartosing pabarisan. Ki Juragan inggih lajêng wêwartos kathah-kathah, Dewa Kaloran sarêng mirêng sangêt ênggènipun jêtung, nuntên wicantên dhatêng Ki Juragan. Ki Juragan, bangêt ênggonku gêtun angrungu pawartamu iku, dene calathune Si Panji ênggone angundang marang aku awit saka parentahe Susunan Pakubuwana, ing wusana dadi mungsuhe, yèn mangkono aku bakal tumuli mulih marang ing Nungsa Kambangan bae.
BTJ 3.30.3
Ki Juragan amangsuli, yèn dika ajêng mantuk, prayoga dika sanjang sarta anyuwuna pratăndha dhatêng Ki Patih Cakrajaya, bilih botên têrang dhatêng ki patih, pandugi kula dika botên angsal margi, sabab saurute pulo Madura puniku kaparentah ing Ki Patih Cakrajaya, măngka dika srayane Panji Surèngrana, dadi mungsuhe wong satanah Jawa, yèn botên kabênêran, dika amêsthi bakal nêmu bilahi lan sabala dika kabèh.
BTJ 3.30.4
Dewa Kaloran wicantên malih, Ki Juragan, aku amiturut apa kang dadi rèhmu. Ki Juragan nuntên anglampahakên kengkenan angaturakên sêrat panungkul dhatêng ki patih sarta amratelakakên ingkang dados pikajênganipun Dewa Kaloran, ênggènipun badhe mantuk dhatêng ing Bali sabalanipun, anyuwun pratandhanipun ki patih, supados wilujêngipun wontên ing margi.
BTJ 3.30.5
Kengkenanipun Ki Juragan inggih sampun dumugi ing Surabaya, sêrat sampun kaaturakên. Ki patih sarêng sampun maos sêrat, sangêt suka ing manahipun. Lajêng amangsuli sêrat animbali Ki Juragan sarta amaringi pratăndha, yèn sampun anglilani ing mantukipun Dewa Kaloran dhatêng ing Bali lan sabalanipun. Ki Juragan sarta Dewa Kaloran sarêng sampun anampèni sêrat, enggal sami mangkat. Ki Juragan angatêr ing margi, Dewa Kaloran sabalanipun lastantun dumugi ing Bali. Ki Juragan lajêng dhatêng Surabaya, ki patih kalihan kumêndur sarêng aningali ing warninipun Ki Juragan, sangêt ing bingahipun. Dêdêgipun gagah prakosa sarta kathah rencangipun tiyang têtumbasan.
BTJ 3.30.6
Ki patih lajêng anantun dhatêng Ki Juragan, punapa purun kaabên pêrang amêngsah Panji Surèngrana, atur wangsulanipun Ki Juragan. Inggih purun. Ing pundi panggenanipun kêpanggih botên ajrih amêngsah prang kalihan Surèngrana. Ki Patih lajêng parentah dhatêng bupati ing Têgal, kalih ing Kaliwungu, tiga bupati ing Barêbês. Kinèn angabên prang Ki Juragan dhatêng ing Lamongan. Ingkang sami kadhawuhan enggal mangkat sabalanipun, mêdal ing Garêsik. Lajêng dhatêng ing Lamongan. Kala samantên Panji Surèngrana sawêg mantuk saking Paronggahan, kagèt kadhatêngan gêgaman saking Surabaya, lajêng campuh prang, Ki Juragan dharat angamuk liwung sarencangipun. Bala ing Lamongan kathah kang pêjah, sabab gugup tandangipun, botên nyana yèn kadhatêngan mêngsah, anuntên bupati ing Tuban sabalanipun nangkêbi saking lèr, gêgaman ing Jipang nangkêbi saking kilèn. Panji Surèngrana sabalanipun kèngsêr saking kitha Lamongan. Lumajêng dhatêng satêngahing wana, sangêt pakèwêd papanipun. Balanipun botên wontên kang têluk satunggil-tunggila, kitha ing Lamongan sampun binêsmenan. Ki Juragan sarta para bupati sabalanipun wau lajêng wangsul dhatêng ing Surabaya.
BTJ 3.30.7
Anuntên ki patih kalihan Ki Tumênggung Kartanagara tampi sêrat saking sang prabu, amundhut carikipun Ki Tumênggung Kartanagara, kang nama Saratruna, badhe kaabdèkakên. Sabab sang nata rêmên aningali ing sasêratanipun. Carik Saratruna inggih nuntên kaangkatakên. Sarta ki patih kalihan ki tumênggung sami angaturi sêrat palapuran bab prang, sarta mratelakakên yèn wontên juragan satunggil anama Juragan Bali, kathah rencangipun têtumbasan purun
BTJ 3.30.8
anglabuhi ing damêlipun sang prabu, sangêt kêndêlipun yèn prang, utusanipun Ki Patih inggih sampun mangkat sarta andhèrèkakên Carik.