BTJ 3.31
Pêrang Kapasan lan Munduripun Bala Kartasura
Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 592-598
BTJ 3.31.1
Kacariyos adhinipun Dipati Jayapuspita, kang nama [na...] [...ma] Panji Kartayuda, ingkang abaris ing kitha Kadhiri, kala samantên mantuk dhatêng Surabaya lan sabalanipun kalih èwu, nanging botên lumêbêt ing kitha, balanipun pinêrapat, lajêng angriwuk bala ing Kartasura kang sami baris wontên ing dhusun Sapanjang. Ingkang wontên sajawining biting ing sabên dalu sami dipun kampaki tuwin ing wanci siyang inggih dipun inggahi, dhatêngipun botên kenging katamtu, têrkadhang wanci sêrap, têngah dalu, lingsir dalu, bangun enjing, wanci enjing, siyang inggih dhatêng anggêbag ing pasanggrahan. Nuntên sami wangsul dhatêng ing wana, bala ing Kartasura sami giris manahipun. Yèn dalu botên sakeca tilêm. Bilih siyang botên wontên sagêd kêkrapa.
BTJ 3.31.2
Kacariyos malih utusanipun Ki Patih kang dhatêng ing Kartasura, Ki Saratruna sampun kaaturakên ing sang prabu, lajêng kaabdèkakên, kadadosakên Lurah Carik, kaparingan nama Carik Bajra, sang nata inggih sampun amaringi sêrat wangsulan dhatêng ki patih bab Ki Juragan Bali, andikakakên ênggêmpalakên siti dhusun ing Garêsik karya tigang atus. Kinèn maringakên dhatêng Ki Juragan, sarta kapatêdhanan nama Ngabèi Tohjaya. Utusanipun Ki Patih sarêng sampun anampèni wangsulan dalêm, enggal mangkat wangsul dhatêng Surabaya, sêrat dalêm sampun katampèn dhatêng ki patih sarta sangêt bingah [bi...] [...ngah] ing manahipun. Ki Juragan Bali lajêng kamupakatakên ing para bupati, yèn kaparingan nama Ngabèi Tohjaya, kapatêdhan lêlênggah tigang atus karya siti dhusun ing Garêsik.
BTJ 3.31.3
Anuntên ki patih rêmbagan kalihan kumêndur, sarèhning sampun lami ênggènipun dhatêng wontên ing Surabaya, prayogi tumuntên lêkas pêrang, ambêdhah kitha Surabaya, kumêndur kapanujon manahipun. Lajêng sami parentah anata baris. Ingkang kadadosakên panjawat kiwa bala pasisir kiwa, têtindhihipun Ki Dipati Jayaningrat. Ingkang dados panjawat têngên bala pasisir têngên, têtindhihipun Ki Dipati Citrasoma ing Japara, Ki Patih sabalanipun sarta bala Maduntên dados dhadha, tunggal kalihan bala Kumpêni, botên pisah kalihan kumêndur, anuntên bidhal saking pabitingan sumêja marêpêk kitha, kathahing bala tanpa wilangan. Bala Kumpêni yèn sinawang kados mêndhung alêlampah, bala pasisir kados toya sagantên ambalabar ngêbêki papan.
BTJ 3.31.4
Busananipun apindha sêkar sataman. Bala ingkang lumampah ing ngajêng sami ambêkta tingkês jagang.
BTJ 3.31.5
Wondene Ki Dipati Jayapuspita ing Surabaya inggih sampun mêdal saking kitha sabalanipun sumêja mêthuk prang, amapan wontên ing ara-ara dhusun Kapasan. Kathahing bala antawis wolung èwu, ingkang kadadosakên [kadado...] [...sakên] panjawat kiwa adhinipun sang dipati wuragil anama Ngabèi Jangrana, ingkang dados panjawat têngên putranipun Sang Dipati Jangrana suwargi anama Jaka Tangkêban, taksih jaka kumala- kala, ingkang dados dhadha sakathahe pangulu, kêtib, modin sapanunggilanipun, sami ngangge rasukan pêthak, anyothe cundrik, nyêpêng talêmpak, wêtawis kathahipun wolung atus. Têtindhihipun anama Ki Pangulu Khakim kalih Ki Pangulu Tambak Kaji, yèn sinawang kados pêksi kuntul sarawa, Sang Dipati Jayapuspita anjênêngi wontên ing wingking, lênggah sarta pinayungan, ingadhêp bala kang ngampil upacara.
BTJ 3.31.6
Gêgaman ing Surabaya sampun ajêng-ajêngan kalihan gêgaman pasisir utawi gêgaman Kumpêni, nanging tandhingipun jitus. Upaminipun tiyang Surabaya satunggil, mêngsahipun satus. Bala ing Surabaya inggih botên ajrih aningali mêngsahipun kathah, anuntên sami campuh prang, bala Kumpêni angarutug ing sanjata tuwin maryêm. Kaum ing Surabaya sami mêndhak. Sarêng ing paprangan sampun pêtêng dening kukus, para kaum lajêng sami mangsah sarwi surak, anusup kukus. Lajêng sami prang rukêt. Kathah kang sami pêjah, utawi kang sami dados panjawat inggih sampun sami prang sakalangkung rame, swaraning sanjata sarta maryêm kados galudhug botên kèndêl-kèndêl awor swaraning surak tuwin pasambating [pasamba...] [...ting] tiyang kang kabranan, yèn kamirêngakên anggêgirisi, ing paprangan mili rah, wangke tumpang tindhih amindha pulo, kang minăngka toyaning sagantên êrah wau, putunganing watang amindha sarah, kang amindha mina tamèng tuwin lêlayu sarta bandera, kathahe ingkang sami pêjah tanpa wilangan. Bala Kumpêni kalih brêgada ingkang pêjah ing paprangan ngriku sabrêgada, bala pasisir sapanunggilanipun bala ing Kartasura pêpalihan ingkang pêjah lan ingkang taksih gêsang, sarta bibrah tatanipun. Wondene bala ing Surabaya taksih kathah ingkang gêsang lan ingkang pêjah, sabab gilig ing kapurunanipun sami sumêja prang sabil. Dados awrat sêsanggènipun.
BTJ 3.31.7
Kacariyosakên wiwit nagari Majapait, wontênipun prang rame sarta kathahing pêpêjah botên anyamèni prang Surabaya punika, bala Kumpêni tuwin bala pasisir nuntên dhadhal sami lumajêng angungsi ing bitingipun. Bupati ing Têgal kang nama Panji Wiranagara lan sabalanipun kalih atus kawan dasa botên purun lumajêng, nuntên ingêbyukan dening bala Surabaya, Panji Wiranagara lan sabalanipun wau sampun tumpês sadaya, bala ing Surabaya sami wêlas aningali ing kunarpanipun Panji Wiranagara, sabab bagus warninipun panggah ing pêrang, kunarpanipun lajêng sami dipun saèni. Wondene palajêngipun [pala...] [...jêngipun] bala pasisir wau kathah kang sami gêbyur ing lèpèn. Têmah salong wontên kang pêjah dening toya,
BTJ 3.31.8
Ki Ngabèi Tohjaya sarencangipun dados pangawat kiwa sumêdya panggah ing pêrang, nanging kèlês ing kathah, inggih nuntên lumajêng nurut lèpèn. Sampun kêpanggih kalihan ki patih wontên ing biting, Ki Tohjaya matur, ki patih sampun ngantos tumut ing pêrang, anjênêngana wontên ing wingking kemawon, dadosa pangungsènipun bala kang sami lumajêng. Ki patih sangêt suka ing manahipun lajêng anglempakakên bala kang sami lumajêng wau sarta katata malih, tuwin prajuritipun ki patih piyambak inggih sampun katata. Anuntên bala ing Surabaya dhatêng, sumêja ngrangsang bitingipun ki patih, gumuruh sarwi surak, gamêlanipun angungkung, lajêng anêmpuh, bala kapatihan sarta bala pasisir anadhahi, arame pêrangipun. Kathah kang sami pêjah, Ki Tohjaya munggèng ing ngarsane ki patih sarencangipun ngamuk liwung, kang tinarajang kathah kang pêjah, bala pasisir sami lumajêng angungsi ing ki patih, nuntên katulungan dhatêng bala ing kapatihan. Bala ing pasisir lajêng purun majêng pêrang malih, ing sabên-sabên mêngkab barisipun enggal tinulungan dhatêng ki patih, dados kêkah pêrangipun bala ing pasisir, bala ing Surabaya inggih sura pêrangipun. Pêpêjah anggulasah sak ênggèn-ênggèn. Anuntên Kumpêni anulungi kalayan mariyêm saking ing bètèng, [bè...] [...tèng,] bala ing Surabaya kathah kang pêjah, lajêng sami mundur sabab kasaput ing dalu, Dipati Jayapuspita lajêng anabuh gamêlanipun wontên ing pabitinganipun, sarta sami asuka-suka, bala ing Kartasura kang sami mirêng angênês manahipun. Ki patih lajêng angaturi uninga ing sang prabu kawrat ing sêrat. Yèn kawon pêrangipun, balanipun kathah kang pêjah, punapa malih kumêndur inggih sampun kintun sêrat dhatêng Amral Barikman kang wontên ing Samawis. Kala samantên sinêngkalan 1643.