BTJ 3.32

Pêrang Sapanjang lan Rawuhipun Amral Brikman

Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 598-600

BTJ 3.32.1

Kawuwusa Panji Surèngrana kalih Panji Kartayuda, sami bidhal sabalanipun wêtawis kathahipun kawan èwu, sumêja nukub bala măncanagari kang sami baris wontên ing dhusun Sapanjang, kala samantên Tumênggung Surawijaya ing Jipang sawêg dhatêng abêbantu mriku sabalanipun sarta ambêkta têtêdhan kathah, kang sami baris ing ngriku wau sami suka manahipun. anuntên gêgamanipun Panji Surèngrana kalih Panji Kartayuda dhatêng, anukub wanci têngah dalu amaju tiga, bala măncanagari kagèt, botên nyana ulêng-ulêngan kados gabah dèn intêri, sarta kathah kang pêjah dening mêngsah, gêgaman tuwin barangipun sami têlas kapêndhêt ing mêngsah, Tumênggung Surawijaya tatu kenging pasêr, Tumênggung Kartanagara sabalanipun badhe atêtulung, nanging sampun dipun ajangi, dados [dado...] [...s] botên sagêd atêtulung, sarta balanipun kathah kang pêjah dening mêngsah, botên sagêd amalês.

BTJ 3.32.2

Ênggènipun pêrang wiwit têngah dalu ngantos ing wanci byar, sarêng wanci enjing Panji Surèngrana kalih Panji Kartayuda sabalanipun sami mundur dhatêng ing wana, bala Kartasura sarta măncanagari sami ngênês manahipun. Sarêng wanci siyang Ki Tumênggung Surawijaya pêjah, ing dalunipun Ki Tumênggung Kartanagara sabalanipun tiyang Kartasura sami ambolos. Enjingipun Panji Surèngrana sabalanipun dhatêng malih, bala măncanagari nungkul asrah bongkokan gêgaman. Lajêng kinèn anututi kang sami ambolos wau, bala Kartasura kathah kang kacandhak pinêjahan. Ênggènipun anututi wangsul ing Lamongan. Palajêngipun Ki Tumênggung Kartanagara mêdal ing Garêsik. Sumêja anjog ing Samawis. Sarta sangêt karisakanipun.

BTJ 3.32.3

Kacariyos Amral Brikman, ingkang wontên ing Samawis. Sarêng tampi sêrat saking Surabaya, yèn Kumpêni kawon pêrangipun, sarta nuntên aningali bala ing Kartasura kang sami kaplajêng wau, Amral anuntên mangkat ambêkta Kumpêni kalih brêgada, sumêja abêbantu dhatêng ing Surabaya mêdal ing laut. Sadhatêngipun ing Surabaya lajêng mêntas dhatêng dharatan sakumpêninipun. Sampun kêpanggih akalihan kumêndur tuwin ki patih, kumêndur awêwartos yèn kawon prangipun. Amral lajêng ambanting tapiyonipun. Enggal anyandhak sêmprong kadamêl nyêmprong pabarisan ing Surabaya, Amral sarêng aningali agêngipun pabarisaning mêngsah sangêt eram, sarta agèdhèg-gèdhèg. Lajêng wicantên dhatêng Ki Patih Cakrajaya,

BTJ 3.32.4

ki patih, sangêt eraming manah kula aningali agênge barising mêngsah, salami kula pêrang wontên ing tanah Indhu ing sabrang, kula dèrèng aningali kathahing mêngsah kados punika, kula botên maibên yèn awrat ing sêsanggènipun. Kalih dene laminipun ênggèn sampeyan bêbarisan wontên ing ngriki, tiyang Surabaya dèrèng wontên kang nungkul satunggil-tunggila, ing saupami kula botêna anglampahi ayahanipun sang prabu, kula pilalah wangsul saking wêgah kula rumaos botên sagêd ambêdhah ing Surabaya.

BTJ 3.32.5

Kacariyos Amral wau lajêng botên nêdha-nêdha ngantos tigang dintên tigang dalu, amung anisil pari kemawon. Bilih tilêm anungsang, sukunipun kadèkèk ing inggil. Sarêng sampun tigang dintên lajêng wicantên dhatêng ki patih, radèn dipati, pandugi kula wontên pitulunging Allah dhatêng kula, nagari ing Surabaya kados badhe bêdhah dening kula, mila sampun ngantos maras galih sampeyan. Ki patih sakalangkung suka ing galihipun.