BTJ 3.33

Pêrang Madura lan Kapatènipun Pangeran Cakraningrat

Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 601-605

BTJ 3.33.1

Ki Patih lajêng parentah dhatêng Ki Ngabèi Tohjaya, kinèn anindhihi bala kang sami ngupaya uwos tuwin pantun sapanunggilanipun kang warni tatêdhan dhatêng padhusunan sakiwatêngêning ngriku, Ki Tohjaya wau kinanthenan tiyang ing Kudus satunggil anama Sirnayuda, sami kakêndêlanipun akalihan Ki Tohjaya, tiyang kêkalih inggih lajêng mangkat angirit tiyang kathah, sarta sampun angsal tatêdhan kathah, tiyang ing bêbarisan sami ayêm manahipun. Ki patih anuntên anglampahakên utusan animbali Pangeran Cakraningrat ing Madura, nanging botên sagêd sowan. Sabab ing Madura pinuju pêrang agêng, amêngsah mantunipun kang anama Arya Dikara ing Pamêkasan. Wondene ingkang dados nalaring pêrang, garwanipun Arya Dikara wau purik dhatêng ing Maduntên. Lajêng dipun kêkahi dhatêng ingkang rama Pangeran Cakraningrat. Ing sabên dintên tansah pêrang sarta kathah kang sami pêjah, nanging tiyang Maduntên kathah kang sami ambalik tumut Arya Dikara. Pangeran Cakraningrat sangêt kewran ing galihipun. Lajêng parentah dhatêng ingkang rayi kang anama Radèn Suradiningrat, kinèn ambêdhah ing Pamêkasan, kinanthenan santananipun anama Jangkewuh, sarta binêktanan bala ing Maduntên sapalih.

BTJ 3.33.2

Radèn Suradiningrat enggal bidhal sabalanipun. Sarêng dumugi sajawining kitha Radèn Suradiningrat sanès [sa...] [...nès] pikajênganipun, melik ing

BTJ 3.33.3

kamuktèn, supe ing kadang sêpuh, kait kalihan Jangkewuh, sumêja ngêndhih ingkang raka Pangeran Cakraningrat.

BTJ 3.33.4

Radèn Suradiningrat wau lajêng adamêl sêrat katur ing Ki Patih Cakrajaya kalihan kumêndur, amadulakên yèn ingkang raka sumêja ambalik mêngsah ing sang prabu, bilih wontên pangajanipun ki patih, Radèn Suradiningrat inggih sagah ambêdhah ing Madura, akathah- kathah wêwadulipun kang kalêbêt ing sêrat. Utusan enggal lumampah dhatêng ing Surabaya, sêrat sampun katur dhatêng ki patih sarta kumêndur, ki patih enggal amangsuli sêrat. Radèn Suradiningrat kinèn anggêbag nagari ing Maduntên, anyêpênga kakangipun. Sarta ki patih amarentahi tiyang Sumênêp tuwin Pamêkasan, sami ambiyantonana dhatêng Radèn Suradiningrat. Punapa malih kumêndur inggih sampun amarentahi kapitan kapal satunggil anama Kapitan Kartas, kinèn anjathok wontên muwara Madura,

BTJ 3.33.5

Kapitan Kartas sampun nyêpak wontên ing muwara Madura, punapa malih tiyang ing Sumênêp tuwin Pamêkasan inggih sampun kumpul kalihan Radèn Suradiningrat. Têtiyang ing Madura inggih kathah kang anungkul, dados Pangeran Cakraningrat kesisan bala. Kala samantên Pangeran Cakraningrat sampun sumêrêp yèn ingkang rayi ambalik sumêja ngêndhih ing Madura, Pangeran sangêt [sangê...] [...t] ênggènipun prihatin sarta kesisan bala, lajêng utusan aminta sraya dhatêng ing Bali. Anuntên Radèn Suradiningrat sabalanipun dhatêng angêpung ing Madura, Pangeran amêmpên salêbêting cêpurinipun. Balanipun kantun nêm atus. Ing sabên dintên sami anglolosi anungkul ing Radèn Suradiningrat. Pangeran sangsaya ngênês. Kang pinanggih ing galihipun sumêja nungkul dhatêng Kumpêni kang wontên ing baita badhe lajêng sowan dhatêng ki patih,

BTJ 3.33.6

pangeran enggal anglampahakên utusan têluk dhatêng Kapitan Kartas. Kapitan Kartas sarêng anampèni pratelaning utusan, sangêt bingah ing manahipun, enggal winangsulan. Pangeran ingaturan lolos saking ing dalêmipun, tumêdhaka dhatêng baita, utusan sampun mantuk matur ing gustinipun. Pangeran sangêt bingah, lajêng pradandosan sagarwaputranipun. Anuntên Radèn Suradiningrat sabalanipun angrurah padalêman ing Madura, Pangeran Cakraningrat sampun lolos mêdal kori bêbutulan sagarwaputranipun tuwin abdi ing sawêtawis. Lampahipun sampun numpak ing baita konthing angunjal dhatêng kapal. Pangeran minggah ing kapal rumiyin. Kapitan

BTJ 3.33.7

mêthukakên sarta sangêt ing urmatipun. Atata lênggah wontên ing petak, sarta urmat angungêlakên mariyêm. Anuntên garwa putranipun sang pangeran minggah ing kapal.

BTJ 3.33.8

Kapitan enggal mêthukakên sajawining petak, anyandhak astanipun radèn ayu sarwi anêcêp jangganipun. Radèn Ayu Cakraningrat sarèhning dèrèng sumêrêp ing adatipun tiyang Wêlandi lajêng anjêrit. Sariranipun gumêtêr asambat ingkang raka. Pangeran Cakraningrat amirêng panjêritipun ingkang garwa sangêt kagèt, andik netranipun, mukanipun kados sêkar wora-wari bang, sangêt ing krodhanipun. Enggal narik curiga, Kapitan Kartas sinuduk lambungipun têrus pêjah kapisanan aniba ing petak. Pangeran lan putranipun lajêng angamuk.

BTJ 3.33.9

Kumpêni sakapal gègèr, pangeran kinarubut pinêstulan, pinêdhangan, kinêrbinan, nanging botên pasah, Kumpêni kathah kang pêjah, Wêlandi gala-gala sami têtulung angêbyuki, pangeran tinubruk ing kursi tiba lênggah, lajêng pinoporan sarta ginêbagan ing sorok. Rêmak sariranipun lajêng pêjah saputranipun. Wêlandi sakapal kathah kang pêjah lan ingkang gêsang, jisimipun sang pangeran lajêng kinêthok jangganipun. Gêmbung binucal ing sagantên. Sirah binêkta dhatêng Surabaya lan garwa tuwin putranipun alit-alit. Dene kitha ing Madura lajêng dipun broki ing Radèn Suradiningrat.

BTJ 3.33.10

Lampahipun Kumpêni kang ambêkta sirahipun Pangeran Cakraningrat wau sampun katur dhatêng Amral tuwin ki patih, sarta sangêt ing ngungunipun. Ki patih enggal [engga...] [...l] anglampahakên utusan sarta mawi sêrat angaturi uninga ing sang prabu, wondene sang nata sarêng anampèni sêrat saking ki patih, inggih sakalangkung ngungunipun. Enggal amaringi wangsulan, sarta nuwala kapatêdhakakên ing Radèn Suradiningrat. Sêrat wangsulan sarta nuwala inggih sampun katampèn dhatêng ki patih tuwin Amral. Sarta sami sangêt ing bingahipun sabab aturipun katarimah.

BTJ 3.33.11

Ki patih nuntên utusan animbali ing Radèn Suradiningrat ing Madura lan sabalanipun, samaktaa sagêgamaning prang, utusan sampun dumugi ing Madura, Radèn Suradiningrat sarêng tampi parentah, inggih enggal bidhal sabalanipun tiyang Madura Sumênêp Pamêkasan kinêrig. Sarta lajêng kamupakatakên yèn kadadosakên bupati ing Madura, kaparingan nama Pangeran Cakraningrat.