BTJ 3.34

Pêrang Mariyêm Surabaya lan Bantuan Bali

Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 605-609

BTJ 3.34.1

Amral sarta ki patih lajêng parentah dhatêng para bupati sabalanipun. Yèn ing dintên Salasa badhe magut prang ambêdhah ing Surabaya, kang sami kadhawahan matur sandika, sarêng ing dintên Salasa inggih lajêng bidhal saking ngriku anyakêti bitinging mêngsah sajawining kitha,

BTJ 3.34.2

Kumpêni sampun adamêl biting, amunggul balowartinipun, maryêmipun sampun tinata, ajêng-ajêngan kalihan bitinge mêngsahipun. Para bupati pasisir tuwin ing Madura inggih sampun sami abêbiting piyambak-piyambak. [piyambak-piyamba...] [...k.] Kumpêni wau kathahipun kawan bragada, bala Surabaya sarêng aningali Kumpêni angangsêk biting, lajêng sami angatos-atos sarta amapanakên mariyêmipun. Nuntên sami pêrang mariyêm saking pabitingan. Dipati Jayapuspita minggah ing pêpanggungan anabuh carabalèn. Tuwan Amral aningali solahipun sang dipati angeca-eca, agèdhèg-gèdhèg. Lajêng parentah anyipat mariyêm pêpanggungan. Binendrong botên kèndêl-kèndêl. Nanging botên kenging, sang dipati taksih ngeca-eca anabuh carabalèn, tuwin balanipun sadaya inggih botên wontên ingkang miris. Malah sami ura-ura, wontên kang anggambang tuwin calêmpungan. Punapa malih yèn wanci siyang para èstri inggih sami angintun dhatêng lakinipun kang sami wontên ing pabarisan pabitingan. Sarêng katingalan dhatêng tiyang Kumpêni lajêng kasipat ing mariyêm. Nanging botên wontên kang kenging, para èstri wau inggih botên wontên kang ajrih, sakeca ênggènipun sami lumampah sarwi anggendhong cênging[1] tuwin sumbul.

BTJ 3.34.3

Ing waktu punika pabarisan ing Surabaya prasasat abêbiting pandonga ajêjagang pamuji, mila makatên, têtiyang ing Surabaya jalêr èstri sadaya sami kaprêdi salat sarta kaprêdi angaji kitab Kur'an dhatêng sang dipati, ing samangsanipun wontên kang amiturut ing parentah wau, lajêng kalêpatakên ing paos tuwin takêr têdhak, malah sami tampi ganjaran. Yèn pinuju tiyang padhusunan inggih sadhusun pisan kapradikakakên. Milanipun sadaya sami ajrih asih dhatêng sang dipati, sarêng prang punika sami nêja anglabuhi pêjah amalês kasaenanipun sang dipati,

BTJ 3.34.4

dene ênggènipun pêrang mariyêm punika laminipun pitung dintên pitung dalu, têtiyang ing Surabaya sami yuwana, botên wontên kang sami kadhawahan ing mimis. Punapa malih pamondhokanipun ingkang sami kadhawahan mimis gutuk api, mimis bum, inggih botên wontên kang pasah kabêsmi, amargi sang kipati sangêt kumandêlipun ing Allah sarta sae ing pambêkanipun.

BTJ 3.34.5

Anuntên kacariyos Panji Surèngrana kalih Panji Kartayuda, ênggènipun minta sraya tiyang ing Bali dhatêng, pinanggihan wontên ing Lamongan anama Murah Panji Balèlèng, ambêkta bala sèwu, sakalangkung sinuba-suba dhatêng Panji Surèngrana kalih Kartayuda sarta kathahing pangêbangipun. Panji Surèngrana sarta Kartayuda wau lajêng sami angaturi uninga dhatêng ingkang raka sang dipati, ingaturan amanggihana Murah Panji Balèlèng wau, sang dipati botên karsa amanggihi, nanging ingkang rayi kalih kinèn abêbingaha ing srayanipun. Supados sampun ngantos mutik mantuk dhatêng ing Bali, ciptanipun sang dipati saupami benjing kasêsêr pêrangipun, tiyang ing Bali [Ba...] [...li] wau badhe kenging kaabên pêrang, ciptanipun sang dipati makatên punika kalajêng kasiku ing Allah, sabab suda pangandêlipun ing Allah, angandêl dhatêng sêsamining tiyang, andadosakên icale yuwananipun salêbêting prang, pratandhanipun, kala sang dipati dèrèng sumêrêp, yèn ingkang rayi kêkalih aminta sraya tiyang ing Bali, griya ing pabarisan Surabaya botên wontên kang kabêsmi dening mimis, utawi tiyangipun inggih botên wontên kang sami kenging ing mimis. Sarêng sang dipati anampèni ing dhatêngipun tiyang ing Bali wau, bala ing Surabaya lajêng kathah kang sami kenging ing mimis. Griya ing pabarisan inggih lajêng kathah kang sami kabêsmi dening mimisipun tiyang Kumpêni.

BTJ 3.34.6

Gêntos kacariyos tuwan kumêndur sarta Amral apirêmbagan kalihan ki patih, tuwan kumêndur wicantên dhatêng ki patih, radèn dipati, kadospundi prakawis pêrang punika, yèn manggunga mêmriyêman kemawon, pandugi kula ing dalêm sawindu botên sagêd rampung pêrang puniki, obat mimis kula botên wande badhe têlas. Mênggahing rêmbag kula prayogi pêrang dhadha, bilih kawon inggih sirna, yèn mênang amêsthi ngukup, nanging tumuntên wontên kawêkasanipun. Kalih dene tiyang sampun botên kêkirangan. Bala Kumpêni tuwin bala Jawi sampun kathah, gêgamanipun sampun mirantos. Kang dipun [dipu...] [...n] antosi punapa. Tuwin Amral kalihan ki patih kapanujon manahipun. Lajêng sami parentah anata baris. Ingkang dados panjawat kiwa Pangeran Cakraningrat akanthi têtiyang ing Sumênêp Pamêkasan, ing Grêsik Sidayu, para bupati pasisir sanèsipun sami dados panjawat têngên. Ki patih tunggil bala Kumpêni dados dhadha, kathahing bala tanpa wilangan.