BTJ 3.35

Pêrang Agêng Surabaya lan Guguripun Jangrana

Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 609-615

BTJ 3.35.1

Wondene Ki Dipati Jayapuspita inggih sampun sumêrêp yèn mêngsahipun mêdal pêrang, balanipun sang dipati inggih sampun katata, lajêng sami anabuh tangara magut ing pêrang, sakalangkung ramening pêrangipun, sabab sami ing purunipun. Swaraning sanjata sarta surak angobahakên bumi, dhawahing mimis amindha jawah, kunarpa ambêlasah saênggèn-ênggèn. Bala Kumpêni kang tumpês kalih brêgada, kapitan Wêlandi kang pêjah anama Kapitan Krasbun. Lutnangipun kang pêjah kêkalih, anama Pan Dêrlin, kalih Lutnang Pambandhêm. Bala pasisir tuwin bala Madura kang pêjah tanpa wilangan. Wondene bala ing Surabaya kathah ingkang pêjah lan ingkang taksih gêsang, bala kang sami pêjah ing paprangan wau warni-warni, wontên kang pêjah kenging gêgaman, sawênèh pêjah sêsingunên aningali kunarpa kathah, wontên kang pêjah ambu-ambunên dening rah, wontên kang pêjah sayah sarta kaluwèn, sabab ênggènipun pêrang sadintên muput. Anuntên [A...] [...nuntên] kasaput ing dalu, ingkang pêrang sapih sami mundur dhatêng ing pabitinganipun. Sarêng sanès ing dintên Sang Dipati Jayapuspita sabalanipun atilar kitha, lumèngsèr dhatêng sawetaning lèpèn, amapan baris wontên ing kori sakèthèng, kithanipun lajêng dipun broki dhatêng Kumpêni tuwin ki patih, anuntên bêbantunipun Kumpêni saking Jakarta dhatêng wontên ing ngriku, kathahipun kalih brêgada, têtindhihipun anama Mayor Gustap, kalih Kapitan Pardèmês, tiga Lutnang Jakin, sakawan Kapitan Tonar.

BTJ 3.35.2

Anuntên tuwan kumêndur wicantên dhatêng ki patih tuwin dhatêng Amral, angajak magut pêrang malih, sabab kumêndur wau botên sabaran sarta sangêt ing kêndêlipun. Ki patih sarta Amral anuruti, ing enjingipun lajêng sami ambidhalakên gêgaman. Tataning baris botên ewah, taksih kados sabên. Wêdalipun saking kitha andalêdêg kados toya mêdal saking rong. Wondene Sang Dipati Jayapuspita inggih sampun mêdal saking kori sakèthèng sabalanipun, amapan wontên sakilèning lèpèn. Balanipun pinartiga, kang saduman kadèkèk pangawat kiwa, têtindhihipun anama Jaka Tangkêban. Kang saduman kadamêl pangawat têngên, têtindhihipun Ki Ngabèi Jangrana, bala kang saduman dados dhadha, têtindhihipun sang dipati piyambak, tinunggilakên kalihan prajurit kaum. Sang dipati wau agadhah prajurit dulangmangap kalih èwu, kinèn rumêksa wontên wingkingipun.

BTJ 3.35.3

Anuntên bala ing Kartasura sarta Kumpêni dhatêng, lajêng têmpuh pêrang rame, swaraning sanjata kados rêdi rêbah, swaraning surak

BTJ 3.35.4

amindha ampuhan. Bala ing Kartasura tuwin Kumpêni kathah kang pêjah, bala ing Surabaya inggih kathah ingkang pêjah, ramening pêrang sarta kathahipun kang sami pêjah angungkuli ingkang sampun kalampahan. Pêjah sanjata lajêng sami pêrang rumakêt. Tuwan kumêndur sarta para upêsir tandangipun mubat-mabit anêrêgakên bala, kang tinêrajang têtumpêsan. Sang Dipati Jayapuspita anglela wontên ing paprangan. Nanging taksih sakeca lênggah pinayungan sarwi udud. Arasukan pranakan pêthak, udhêng gilig wungu, anyamping limar, ingadhêp lare alit angampil upêt kalihan gantèn.

BTJ 3.35.5

Tuwan kumêndur sarêng aningali dhatêng sang dipati lajêng angabani Kumpêninipun, kinèn ngarutug ing sanjata tuwin mariyêm. Nanging botên kenging, sang dipati angawe-awe sarwi wicantên. Kumêndur, majua mrene, yèn obat mimismu êntèk usungana manèh.

BTJ 3.35.6

Bala ing Surabaya ingkang dados panjawat têngên têtumpêsan. Ki Ngabèi Jangrana kapupu ing paprangan. Dene ingkang dados panjawat kiwa inggih sakalangkung rame pêrangipun, têtindhihipun anama [a...] [...nama] Jaka Tangkêban. Balanipun kathah ingkang pêjah, Jaka Tangkêban wau sarêng aningali Sang Dipati Jayapuspita kinarubut ing Kumpêni, kinarutug ing sanjata, Jaka Tangkêban enggal anilar pangamukipun, sumêja amurugi dhatêng panggenanipun sang dipati sarwi anumpak kapal. Nanging lampahipun kasangsang ing mimis tuwin jêmparing sarta pasêr, kapalipun Jaka Tangkêban malumpat. Lajêng anyêlaki sang dipati, matur sarwi nangis angaturi mundur,

BTJ 3.35.7

sang dipati angandika, thole, lèrèna dhisik, aja angamuk. Anuntên sang dipati ingaturan uninga dhatêng balanipun, yèn ingkang rayi Ki Ngabèi Jangrana kasambut ing paprangan, balanipun tumpês. Sang dipati sarêng mirêng enggal nyandhak waos karsa angamuk, sarwi angatag prajuritipun dulangmangap sarta prajurit talangpati kalih èwu,

BTJ 3.35.8

ayo bocah dulangmangap talangpati, ngamuk barêng lan aku, padha mêrêma bae cikbèn ilang marasmu, ya iki patukoning swarga. Bala kang ingatag enggal mangsah, ambyuk angamuk rampak. Kang tinêrajang kathah pêjah, kang pêrang bangun rame malih.

BTJ 3.35.9

Para mantri tuwin prajurit kaum ing Surabaya sami matur dhatêng sang dipati, sampun ngantos anyarirani prang, anjênêngana saking wingking kemawon. Sabab balanipun taksih kathah sarta taksih sami purun. Sang dipati amangsuli, ing sadina iki aku ora kêna padha

BTJ 3.35.10

kopalangi, ayo barêng ngamuk. Para mantri sarta para kaum wau lajêng sami anglancangi ngamuk. Anêrajang bala Kumpêni kathah ingkang pêjah,

BTJ 3.35.11

Mayor Gustap angabani Kumpêninipun kang sami angangge durbus kathahipun wolung dasa, kang tinêmpuh têtumpêsan, sinusunan ing gurnat lan gurnada, tiyang ing Surabaya sangsaya kathah ingkang pêjah. Anuntên para garwanipun sang dipati tuwin para santananipun èstri sami kamirêngan, yèn Ki Ngabèi Jangrana pêjah sarta bala ing Surabaya inggih kathah ingkang pêjah, para èstri wau lajêng sami nusul dhatêng ing paprangan atawan tangis, sami anggarumung sang dipati ingaturan mundur, atata-tataa rumiyin. Sabab balanipun sampun kathah ingkang sami pêjah, akumpula kalihan Panji Surèngrana punapa dene Panji Kartayuda, nuntên majênga pêrang malih. Sang dipati sarêng ginubêl ing para arum, sangêt kewran ing galihipun. Lajêng mundur sabalanipun alon-lonan. Kumpêni botên ambujêng, angarutug ing sanjata saking katêbihan sarta kasaput ing dalu, Kumpêni sarta bala ing Kartasura sami wangsul dhatêng kitha ing Surabaya, Sang Dipati Jayapuspita wangsul dhatêng ing kori sakèthèng malih.

BTJ 3.35.12

Ing dalunipun Panji Surèngrana kalih Panji Kartayuda sami sowan dhatêng ingkang raka, sang dipati ingaturan lumèngsèr saking kori sakèthèng, anunggila kalihan Murah [Mu...] [...rah] Panji Balèlèng wontên ing Kapraban. Sang dipati alon amangsuli, adhi, aku durung gêlêm anyênyambat pêrang ing wong liyan. Samêngko aku isih dhêmên angadu pêrang wongku dhewe ing Surabaya, calathumu iku ya wis bênêr, sabab wongku ing Surabaya ming sathithik sarta wis akèh kang padha mati pêrang, mungsuhku wong saka tanah Jawa kèhe lêksan, êmbuh tikêle lan balaku ing Surabaya, nanging aku ora miris. Ingkang rayi kêkalih mêksa angaturi kèngsêr, sang dipati lajêng anantun dhatêng para lêlurahing kaum. Sarèhning badhe kumpul kalihan tiyang ing Bali, punapa botên ambatalakên ing sabilipun. Para kaum wau atur wangsulanipun sami pradongdi. Wontên ingkang matur yèn botên pikantuk ing prang sabil. Sabab têtunggilan kalihan tiyang kapir. Satêngah wontên ingkang matur pikantuk ing prang sabil, sanajan têtunggilan kalihan tiyang kapir, sabab amitulungi ing pêrang, amêsthi botên ambatalakên ing sabil. Kalih dene pikantuk ombèr angasokakên bala. Lajêng kathah kang sami matur amrayogèkakên kèngsêr, sang

BTJ 3.35.13

dipati kèlu ing tiyang kathah, lajêng bidhal saking ing kori sakèthèng lan sabalanipun tuwin sarepot sadaya, kèndêl wontên kapraban kalih dalu, lajêng dhatêng ing kaputran. Wontên ing ngriku amasanggrahan. Murah Panji Balèlèng inggih [ing...] [...gih] wontên ing kaputran sabalanipun. Nanging pasanggrahanipun têbih kalihan sang dipati.