BTJ 3.36
Kumêndur Kawon ing Wanakrama lan Katimbalan Batawi
Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 615-617
BTJ 3.36.1
Wondene tuwan kumêndur kalihan Amral punapa malih ki patih inggih sampun sami sumêrêp, yèn sang dipati kèngsêr dhatêng ing kaputran. Kumêndur angajak ngêlud. Amral kalihan ki patih botên angrêmbagi, kumêndur adrêng pangajakipun. Ki patih sarta Amral anuruti, kumêndur lajêng bidhal ambêkta Kumpêninipun kalih brêgada, Amral sarta ki patih tuwin para bupati botên wontên kang tumut, amung sami anguruni bala kemawon, antawis gangsal èwu, lampahing barisipun kumêndur sampun dumugi ing kaputran, pinêthuk ing prang lèrès.
BTJ 3.36.2
Baris ing Surabaya sumêja mapan dhatêng ing Wanakrama, panyananipun kumêndur tiyang Surabaya sampun kanji, botên sumêrêp yèn anggêlari, barisipun kumêndur anglud. Sarêng dumugi ing Wanakrama lajêng pinêthuk ing pêrang, Panji Surèngrana kalihan Murah Panji Balèlèng anangkêbi saking kiwa têngên. Bala Kumpêni kathah kang pêjah, sabab botên sagêd mikantukakên mariyêm tuwin sanjatanipun saking pakèwêding papan, sarta lajêng tinêrajang saking ing ngiringan. Kumpêni kang pêjah sabrêgada, lajêng mundur alêlumbungan. Bala ing Surabaya angêlud. Kumêndur mobat-mabit tandangipun, ênggènipun angabani angajêngakên. Nanging barisipun botên kenging kaajêngakên. [kaa...] [...jêngakên.] Balanipun para bupati urunan wau sampun sami lumajêng rumiyin dhatêng ing kitha Surabaya, ki patih kalihan Tuwan Amral sarêng sumêrêp yèn kumêndur kaplajêng, enggal ambidhalakên barisipun sumêja têtulung, lajêng kêpêthuk campuh pêrang kalihan mêngsah, barisipun kumêndur sampun bênggang kalihan mêngsah, balanipun Surèngrana kalihan Murah Panji Balèlèng anuntên mundur dhatêng Wanakrama malih, ki patih sarta Amral sampun wangsul dhatêng ing kitha Surabaya.
BTJ 3.36.3
Sarêng sadintên punika ugi Tuwan Amral asêksi dhatêng ki patih bab karisakanipun bala Kumpêni, amargi saking kumêndur ênggènipun angabên prang amuta tuli kemawon. Dados Kumpêni kathah ingkang sami pêjah sarta ki patih wau dipun têdhèni tăndha namanipun. Sabab Tuwan Amral badhe angaturi sêrat dhatêng ing Batawi amadulakên
BTJ 3.36.4
kalêpatanipun kumêndur, panyuwunipun Amral, kumêndur kakesahna saking pabarisan ing Surabaya, bilih panyuwunipun wau botên katurutan, Amral badhe mutung mantuk dhatêng nagari Wêlandi, sabab botên sagêd yèn têtunggilan padamêlan kalihan kumêndur. Ki patih inggih sampun anyukani tăndha tangan sarta cap. Amral lajêng kintun sêrat dhatêng ing Batawi, botên antawis lami angsal wangsulan, katarimah ing aturipun. Kumêndur katimbalan Pêrlos dhatêng ing Batawi. [Bata...] [...wi.] Anuntên bêbantu saking Kartasura dhatêng wontên ing Surabaya, bupati ing Banyumas, ing Dhayaluhur, Pamrêdèn, ing Rema sabalanipun, têtindhihipun Ki Tumênggung Jayawinata sampun pinêrnahakên pakuwonipun.