BTJ 3.37

Dewa Kêtut lan Balelanipun Cakranagara

Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 617-619

BTJ 3.37.1

Kacariyos srayanipun Pangeran Cakraningrat kang pêjah wontên ing kapal, samangke dhatêng wontên ing Madura, anjujug ing Tunjungan. Pangagêngipun anama Dewa Kêtut, ambêkta bala tiyang Bali sèwu, sarêng dumugi ing Tunjungan, Dewa Kêtut angsal pawartos yèn ingkang aminta sraya ing piyambakipun sampun pêjah wontên ing baita kapal. Dewa Kêtut sakalangkung ngungun, lajêng parentah dhatêng balanipun, kinèn ambêbahak nagari tuwin padhusunan ing Madura, bala ing Nungsakambangan inggih lajêng anjarah angrayah, têtiyang ing Madura kagegeran, sami lumajêng dhatêng Surabaya sumêja sami ngaturi uninga ing gustinipun.

BTJ 3.37.2

Kala samantên pabarisan ing Surabaya pinuju kèndêl, botên wontên ingkang pêrangan. Dene laminipun bala Kumpêni sarta ki patih ênggènipun bêbarisan wontên ing Surabaya sampun sadasa wulan. Kala Sang Dipati Jayapuspita taksih wontên salêbêting kitha Surabaya pitung wulan. Sarêng sang dipati kèngsêr dhatêng [dha...] [...têng] Wanakrama punika laminipun sampun pitung wulan, lajêng kèndêl botên pagut-pinagut.

BTJ 3.37.3

Anuntên kacariyos tiyang ing Maduntên kang sami kaplajêng wau, sampun dumugi ing Surabaya, lajêng matur ing gustinipun wiwitan dumugi wêkasan. Pangeran Cakraningrat enggal angaturi uninga dhatêng ki patih sarta Amral. Dhawahipun ki patih, Pangeran Cakraningrat kinèn mantuk dhatêng Maduntên, angrêbata nagarinipun. Pangeran matur malih, sarèhning mêngsah tiyang Bali kang wontên ing Maduntên amung sakêdhik, ènthèng linawan ing pêrang, kula badhe anglampahakên adhi kula kemawon anama Radèn Cakranagara, kala alit nama Radèn Jimat. Kula piyambak prayogi wontên ing ngriki, sabab

BTJ 3.37.4

mêngsah awrat ing ngriki. Ki patih sarta Amral inggih amarêngi, Pangeran Cakraningrat lajêng parentah dhatêng Radèn Cakranagara, kinèn anggêbag mêngsah kang wontên ing Madura, binêktanan bala sèwu, Radèn Cakranagara sampun bidhal saking Surabaya, sarêng dumugi ing Tunjungan lajêng campuh pêrang rame, tiyang Madura tuwin tiyang Bali kathah kang sami pêjah,

BTJ 3.37.5

ing sakèndêling pêrang Radèn Cakranagara lajêng dipun bujuk dhatêng Dewa Kêtut. Radèn Cakranagara inggih sampun kenging kabujuk, kumpul kalihan Dewa Kêtut. Sakalangkung sinuba-suba, Radèn Cakranagara lajêng kaangkat nama Pangeran Cakraningrat, angêbrêki kitha ing Madura, tiyang ing ngriku sampun sami suyud. Ingkang kadadosakên pêpatih nama Radèn Sewanagara, kala samantên sampun katur dhatêng Pangeran Cakraningrat kang wontên ing Surabaya, lajêng katur dhatêng Amral tuwin ki patih, yèn Radèn Cakranagara ambalik, kumpul kalihan tiyang ing Bali, sampun anama Pangeran Cakraningrat.