BTJ 3.38
Pêrang Wanakrama lan Bêdhahing Madura
Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 619-623
BTJ 3.38.1
Tuwan Amral kalihan ki patih tuwin para bupati sadaya lajêng sami pirêmbagan sumêja amungkasi ing pêrang salah satunggil. Ingkang pinanggihing rêmbagipun mêngsah ing Madura kêpanggih ing wingking, mêngsah kang wontên ing Wanakrama kang badhe kapungkasan rumiyin. Tuwan Amral nuntên amarentahi Mayor Gustap, kinèn anggêbag mêngsah ing Wanakrama, angirit Kumpêni kalih brêgada, sarta para bupati sabalanipun sadaya, Tuwan Amral kalihan ki patih botên tumut, kantun wontên ing kitha Surabaya sarta bala sawêtawis. Gêgamanipun tuwan mayor sampun bidhal saking ing ngriku, andalêdêg kados toya lèpèn banjir, kathahing bala tanpa wilangan. Bala Kumpêni kados mêndhung, kang minăngka calèrèt gêbyaring sanjata kasorotan ing raditya, busananipun bala Jawi awarni-warni kados sêkar sataman.
BTJ 3.38.2
Lampahing baris sampun dumugi ing Wanakrama. Wondene barisipun Sang Dipati Jayapuspita inggih sampun amapan sajawining [sajawi...] [...ning] pabitingan sarta prajurit Bali, ingkang anindhihi Panji Surèngrana kalihan Panji Kartayuda, lajêng campuh pêrang rame, kathah kang sami pêjah, bêbathang anggêlasah, balanipun Sang Dipati Jayapuspita apês pêrangipun, sabab kumpul kalihan tiyang Bali, sanès kalihan kala dèrèng kumpul. Dhasar karoban tandhing, para mantri sarta para santananipun sang dipati kathah kang sami pêjah, balanipun Mayor
BTJ 3.38.3
Gustap amung sakêdhik kang sami pêjah, Sang Dipati Jayapuspita anjênêngi saking ing pabitingan. Sarêng aningali balanipun kathah kang sami pêjah, lajêng mêdal angajêngakên bala ing sakantunipun, nanging kados sêsulung malêbu ing gêni, balanipun sang dipati lajêng sami mundur dhatêng ing pabitingan, sarta kasaput ing dalu, barisipun tuwan mayor kèndêl sajawining bitinge sang dipati ragi têbih, sêjanipun tuwan mayor ing siyangipun malih badhe angrurah biting.
BTJ 3.38.4
Sarêng ing wanci dalu Sang Dipati Jayapuspita ingaturan pirêmbagan dhatêng para santananipun. Sang dipati ingaturan kèngsêr dhatêng ing Japan. Papanipun wiyar cakêt lèpèn agêng, prayogi yèn kadamêla tata-tata sarta kaklêmpaka bala, sabab ing Wanakrama punika kasompokên. Sang dipati inggih miturut ing pirêmbag wau, lajêng angundhangi balanipun tuwin rêrepot kinèn sami pradandosan. Sarêng ing wanci bangun [ba...] [...ngun] enjing sang dipati bidhal saking ing Wanakrama sabalanipun. Pandhe, sayang, tukang samak sapanunggilanipun botên kantun, tunggil rêrepot sami lumampah ing ngajêng, sang dipati lumampah ing wingking, kala samantên balanipun sang dipati antawis taksih pitung èwu, sabab salamènipun pêrang punika balanipun sang dipati botên wontên kang têluk satunggil-tunggila, lampahipun sang dipati wau yèn dipun sawang kados praja angalih panggenan. Tuwan mayor sarêng sumêrêp, yèn sang dipati oncat, lajêng ambujêng, sang dipati anadhahi sarwi lumampah, bilih Kumpêni amêlak balanipun sang dipati nolèh angandhêgi, Kumpêni nuntên wangsul angêbruki biting ing Wanakrama, lajêng mantuk dhatêng ing kitha Surabaya. Lampahipun sang dipati sampun dumugi ing Japan. Lajêng abêbiting sarta anyaèni prajuritipun.
BTJ 3.38.5
Kala samantên Ki Patih Cakrajaya lajêng apirêmbagan kalihan Amral, prakawis mêngsah kang wontên ing Madura, ki patih lajêng amarentahi dhatêng Pangeran Cakraningrat kinèn angrêbat nagarinipun ing Madura, sarta kêkanthenan para bupati pasisir sawêtawis sabalanipun. Ingkang kadadosakên senapati Mayor Gustap, ambêkta Kumpêni sabrêgada, kapitanipun kêkalih, kang satunggil anama Kapitan Bèsing, kalih Kapitan [Kapita...] [...n] Tonar, anuntên sami bidhal saking Surabaya, sarêng dumugi ing Madura lajêng campuh pêrang wontên ing Malaya, balanipun Pangeran Cakraningrat tuwin bala pasisir kathah kang pêjah dening tiyang Bali, nuntên tinulungan prajurit Kumpêni, tiyang Bali kathah kang pêjah, Dewa Kêtut
BTJ 3.38.6
sabalanipun lumajêng dhatêng kitha ing Tunjungan, Kumpêni sarta bala Madura anglud. Lajêng campuh pêrang rame, kathah kang sami pêjah, sarèhning tiyang ing Bali karoban lawan. Dewa Kêtut sabalanipun nuntên lumajêng ngalèr ngetan, lajêng numpak baita, sumêja mantuk dhatêng ing Bali, Radèn Cakranagara kalihan Radèn Sewanagara binêkta dhatêng ing Bali, tuwan mayor sakumpêninipun kathah ênggènipun angsal jarahan tuwin bêboyongan. Lajêng binêkta wangsul dhatêng Surabaya, Pangeran Cakraningrat taksih angantun wontên ing Madura anata nagarinipun. Ki patih sarta Amral lajêng anglampahakên utusan dhatêng ing Kartasura angaturakên bêboyongan saking Madura wau, sarta angaturakên putra garwanipun Pangeran Cakraningrat kang pêjah wontên ing kapal. Utusan inggih sampun lumampah, botên lami nuntên wangsul dhatêng ing Surabaya sarta ambêkta nuwala sakawan. Kang kêkalih kaparingakên dhatêng Radèn Suryawinata kalih Cakrawinata, kadadosakên bupati ing Surabaya, kang satunggil kaparingakên Ki Răngga Pramana, kadadosakên bupati ing Lamongan. Kang satunggilipun dhatêng pêpatih ing Jipang, kang anama Ki Săngka, kaganjar nagri ing Jipang, kaparingan nama Tumênggung Mataun. Sabab Ki Săngka punika panakawanipun sang prabu kala taksih kapugêran. Priyantun sakawan wau inggih sampun kamupakatakên ing para bupati sadaya.