BTJ 3.39

Jayapuspita ing Japan lan Balelanipun Dipanagara

Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 623-629

BTJ 3.39.1

Gêntos kacariyos Sang Dipati Jayapuspita ingkang wontên ing Japan sasêdhèrèkipun, sarta Murah Panji Balèlèng inggih wontên ing Jipang. Nanging pondhokipun têbih lan sang dipati, kala samantên Murah Paji adarbe panyuwun dhatêng sang dipati, ingkang rayi kêkalih, Panji Surèngrana kalih Panji Kartayuda, punika kabucala namanipun panji, bilih sang dipati botên anuruti panyuwunipun, Murah Panji Balèlèng sumêja mutung mantuk dhatêng ing Bali lan sabalanipun. Sang dipati inggih anuruti, ingkang rayi satunggil sampun kaêlih nama Dêmang Kartayuda, nanging Panji Surèngrana sang dipati botên purun yèn angêliha namanipun Panji, sabab patêdhanipun sang prabu kala wontên ing Samawis. Murah Panji inggih sampun narimah.

BTJ 3.39.2

Anuntên sang dipati parentah dhatêng Dêmang Kartayuda, kinèn angirupi tanah măncanagari sawetaning rêdi Lawu sadaya, Dêmang Kartayuda inggih sampun lumaksana, ambêkta bala dhomas. Ing tanah măncanagari sampun [sa...] [...mpun] nungkul sadaya dhatêng Dêmang Kartayuda,

BTJ 3.39.3

sarta sampun agêng barisipun apakumpulan ing Madiun. Dêmang Kartayuda lajêng amatah mantri kêkalih anama Ngabèi Tambakbaya kalih Wiratanu, kinanthenan tiyang ing Pranaragi, kinèn anêlukakên ing Kaduwang, ing Wiraka, Sêmbuyan tuwin ing Pacitan. Mantri kêkalih enggal bidhal. Ing tanah Kaduwang, Wiraka wau inggih sampun sami suyud. Ki Dêmang Kartayuda sabalanipun lajêng bidhal dhatêng ing Jagaraga, apacak baris wontên ing dhusun Kiping, cucuking pêrang abaris ing Kalimungkung, tiyang ing Sukawati sawetaning bênawi sampun sami nungkul sadaya, wontên kang sami ngili dhatêng ing Kartasura, têtiyang ing nagari Kartasura sami gègèr, sarta sampun katur ing sang prabu, yèn tiyang tanah măncanagari sami ambalik, tuwin tiyang ing Sukawati, Kaduwang, ing Laroh sampun sami nungkul dhatêng mêngsah, padhusunan kathah kang risak kajarah karayah.

BTJ 3.39.4

Kala samantên sang nata pinuju susah galihipun, sabab putranipun kêkasih kang nama Pangeran Dipati Purbaya punika dados prakawis kalihan Kumpêni, sarèhning tiyang Kumpêni wau sami anggadhahi kuwatos dhatêng Pangeran Purbaya, dados agadhah panyuwun dhatêng sang prabu, gêgadhuhanipun Pangeran Purbaya tanah ing Banyumas, ing Dhayaluhur, ing Pamrêdèn, ing Rema, ing Bagêlèn, [Bagêlè...] [...n,] punika sami dipundhuta tuwin mariyêmipun inggih kapundhuta, kori bêbutulan ing kadhaton kang dhatêng ing Purbayan kabuntua, supados sudaa kuwatosipun tiyang Kumpêni, mila sang prabu sangêt ênggènipun prihatos. Sabab punika putra kêkasih sarta andêling prang, kinalulutan ing para kadang sarta têtiyang sanagari ing Kartasura.

BTJ 3.39.5

Sarêng sang nata mirêng yèn mêngsah sampun angancik sawetaning bênawi, lajêng parentah dhatêng ingkang putra kêkalih kang anama Pangeran Dipati Balitar kalih Pangeran Dipanagara, Pangeran Balitar kinèn angundurna mêngsah kang wontên ing Kaduwang, kinanthenan bupati lêbêt sabalanipun sarta prajurit kaparak. Pangeran Dipanagara kinèn amêthukna mêngsah kang wontên ing Kiping, binêktanan tiyang Gowong, Kalang tuwin arahaning dhusun tanah Pajang, putra kêkalih sarêng ênggènipun bidhal. Sarêng lampahipun dumugi ing Samanggi, lajêng pêpisahan. Pangeran Balitar mangidul anjog ing Laroh, lajêng dhatêng ing Kaduwang, mêngsahipun botên amêthukakên pêrang, mundur dhatêng ing Pranaragi. Wondene

BTJ 3.39.6

Pangeran Dipanagara mangalèr, lajêng apacak baris wontên ing dhusun Garompol, ajêng-ajêngan kalihan mêngsahipun ing Mungkung,

BTJ 3.39.7

anuntên utusanipun sang prabu amatêdhani sêrat. Sampun tinampèn dhatêng Pangeran Dipanagara, ungêling ngalamatipun, [ngalamati...] [...pun,] kulup Dipanagara, layang iki aja sira ungkabi, banjur wèhna dhewe marang kakangira Si Dipati Jayapuspita, ing kono besuk sira wacaa wong loro. Pangeran Dipanagara sasampunipun maos ngalamat, lajêng karaos ing galihipun, sabab kala rumiyin sampun dèn lêlèjêmi dhatêng ingkang rama, utawi kalanipun mangkat ngalurug punika inggih kadhawahan ambêktaa garwa putranipun. Dangu-dangu sang pangeran amupus ing galih, madêg suranipun sarta sêmu bingah, pangeran lajêng animbali ipenipun anama Radèn Wiradirja, kinèn amanggih[2] Dêmang Kartayuda kang abaris ing Kiping, Wiradirja wau sampun dèn bisiki ingkang dados karsanipun sang pangeran.

BTJ 3.39.8

Radèn Wiradirja enggal mangkat dhatêng Kiping, sampun kêpanggih kalihan Dêmang Kartayuda, lajêng amratelakakên ing sawêwêlingipun Pangeran Dipanagara, Ki Dêmang Kartayuda sarêng mirêng sangêt bingah ing manahipun. Radèn Wiradirja sampun winangsulan lajêng kinèn mantuk. Sampun kêpanggih kalihan gustinipun, matur ing kawitan dumugi wêkasan. Ing sapêngkêripun Radèn Wiradirja Ki Dêmang Kartayuda lajêng bidhal saking Kiping sabalanipun. Sumêja mêthuk ing Pangeran Dipanagara, sarêng lampahipun cakêt kalihan barisan ing Garompol, lajêng anitir bêndhe sarwi surak-surak. Balanipun Pangeran Dipanagara gègèr, lajêng [la...] [...jêng] sami atata baris.

BTJ 3.39.9

Pangeran ngandika sêru, bocahku kabèh, ajana obah, aku arêp andêlêng dhewe marang mungsuh iku. Pangeran lajêng anitih kuda, ingiring abdi pitu sami kêkapalan, anyandêr dhatêng panggenaning mêngsah, sampun kêpanggih kalihan Dêmang Kartayuda sarta sangêt suka ing kalih-kalihipun. Dêmang Kartayuda lajêng anuduh bupati ing Madiun, kinèn angrabasèng pabarisan ing Garompol. Bupati ing Madiun enggal marêpêki pabêbitingan. Pabarisanipun Pangeran Dipanagara gègèr, sami lumajêng ing sapurug-purug. Kantun para abdi tuwin garwa putranipun sang pangeran. Sampun sami pinondhongan dhatêng bupati ing Madiun. Pangeran Dipanagara kalihan Dêmang Kartayuda wau lajêng dhatêng ing Madiun. Ing dhusun Mungkung mriku taksih

BTJ 3.39.10

dipun dèkèki bêbarisan ing sawêtawis, têtindhihipun mantri kêkalih anama Răngga Macanloka kalih Ki Kêbo Kabiri.

BTJ 3.39.11

Sarêng Pangeran Dipanagara sampun dumugi ing kitha Madiun, Ki Dêmang Kartayuda lajêng anglampahakên utusan dhatêng ing Japan angaturi uninga ing sang dipati, yèn Pangeran Dipanagara sampun kumpul kalihan piyambakipun, sumêja kêpanggih kalihan sang dipati, utusan sampun lumampah dumugi ing Japan. Sang Dipati Jayapuspita sarêng anampèni pratelaning utusan [utusa...] [...n] sakalangkung suka manahipun, enggal bidhal sabalanipun sumêja mêthuk ing pangeran. Murah Panji kang sawêg dhatêng ing Bali kathahipun sèwu, têtindhihipun anama Dewa Agung, inggih sami tumut mêthuk. Sarêng lampahipun dumugi antawis ing Kadhiri kalihan ing Japan, lajêng rêrêp amasanggrahan.

BTJ 3.39.12

Wondene Pangeran Dipanagara kalihan Dêmang Kartayuda inggih sampun bidhal saking Madiun. Para garwanipun sami katilar wontên ing ngriku, lampahipun sampun kêpanggih kalihan Sang Dipati Jayapuspita, lajêng sami rêrangkulan, tuwin kalihan Murah Panji Balèlèng inggih sami bagèk-binagèkakên. Lajêng sami tata lênggah, sang dipati matur alon sarwi mèsêm. Ênggèr, kula botên nyana yèn kêpanggih kalihan sampeyan. Bingahipun manah kula upamènipun tiyang sakit, mèh dumugi ing antakanipun, anuntên waluya sadaya, sarawuh sampeyan punika kang minăngka usada.

BTJ 3.39.13

Pangeran mèsêm sarwi angulungakên sêrat bêbêktanipun. Sang dipati anampèni lajêng binuka, winaos gêntos kalihan sang pangeran, suraosipun, kulup Jayapuspita, ingsun amaringi kanthi marang sira, adhinira Si Dipanagara, sarta ingsun wis anglilani marang sira amêngkua ing tanah wiwit ing Gunung Lawu sapangetan ing Balambangan. Sira wêngkua wong loro, [lo...] [...ro,] nanging aja kongsi nyorok sakuloning Gunung Lawu. Sêrat lajêng gêntos kawaos dhatêng Murah Panji Balèlèng utawi Dêmang Kartayuda sarta Surèngrana, sadaya sami suka manahipun. lajêng sami rêrêp wontên ing ngriku ngantos satêngah wulan.