BTJ 3.40
Panêmbahan Hêrucakra lan Wêkasanipun Pakubuwana
Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 629-635
BTJ 3.40.1
Sarêng satunggiling dintên sang dipati angundhangi ing balanipun sadaya, kinèn sami anêksèni yèn Pangeran Dipanagara kaangkat jumênêng nata ajêjuluk Panêmbahan Hèrucakra Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama, amêngku tanah sawetaning Gunung Lawu sapangetan, mangidul mangalèripun tandhês sagantên. Sang Dipati Jayapuspita asalin nama Dipati Panatagama, Panji
BTJ 3.40.2
Surèngrana kaangkat nama Dipati Natapura, Dêmang Kartayuda kaangkat nama Dipati Sasranagara, Jaka Tangkêban kanamakakên Tumênggung Jangrana, panêmbahan wau sampun dèn aturi upacara kaprabon sarta bala pitung atus. Ingkang kawan atus tiyang Bali, ingkang tigang atus tiyang Surabaya, lajêng sami pirêmbagan bab pêrang, Sang Dipati Panatagama matur alon. Anggèr, sampeyan kula aturi ngadhaton ing Kadhiri eca atine kemawon. Dene prakawis ing pêrang angêmungna adhi kula kêkalih, tiga pun Jangrana.
BTJ 3.40.3
Panêmbahan amangsuli, kakang, kula botên purun angeca-eca, sumêja sêsinau supados sumêrêp [su...] [...mêrêp] pratingkahing pêrang, amung pun kakang Dipati Sasranagara tumuta ing kula, kula damêl kanthi, dene tanah ingkang kula wêngku wiwit ing rêdi Lawu mangetan watês bênawi ing Kadhiri, wiwit bênawi ing Kadhiri sapangetan kula sumanggakakên pun kakang. Sang dipati inggih anyumanggakakên ing karsanipun panêmbahan. Lajêng sami bidhal pêpisahan. Panêmbahan sumêja dhatêng Madiun. Sang dipati wangsul dhatêng Japan, lajêng parentah dhatêng Ki Dipati Natapura kalih Ki Tumênggung Jangrana, kinèn banjêl ing pêrang dhatêng ing Surabaya. Ki Dipati Natapura kalih Ki Jangrana inggih enggal bidhal sabalanipun, abaris ing dhusun Sapanjang, ing sabên dintên tansah apêrang, gêntos lurug-linurugan kalihan bala ing Kartasura tuwin Kumpêni kang sami baris wontên ing Surabaya.
BTJ 3.40.4
Wondene Panêmbahan Hèrucakra kalihan Dipati Sasranagara inggih sampun dumugi ing Madiun. Ing ngriku sampun agêng pabarisanipun. Dipati Sasranagara lajêng amupakatakên dhatêng tiyang ing pabarisan ngriku, yèn Pangeran Dipanagara sampun jumênêng nata, amêngku tanah sawetaning rêdi Lawu, angadhaton ing Madiun. Pamugarining pêrang Dipati Sasranagara.
BTJ 3.40.5
Kala samantên Pangeran Dipati Balitar, kang abaris ing Kaduwang, sampun mirêng, pawartos yèn ingkang raka Pangeran Dipanagara ambalik, sampun jumênêng nata angadhaton [anga...] [...dhaton] ing Madiun. Pangeran Balitar enggal utusan angaturi uninga ing sang prabu, sang nata sarêng sampun anampèni pratelaning utusan, sakalangkung gugup galihipun. Lajêng andhawahi bupati gêdhong sabalanipun, kinèn bantu dhatêng ing Kaduwang, dhawahipun sang nata Pangeran Balitar andikakakên ngangsêg dhatêng ing Pranaraga. Lampahipun bupati gêdhong wau sampun dumugi ing Kaduwang, Pangeran Balitar inggih lajêng bidhal
BTJ 3.40.6
sabalanipun sumêja ngangsêg dhatêng Pranaragi, pangajênging baris sampun dumugi ing dhusun Kandhêg, antawisipun ing Pranaragi kalihan Madiun. Ingkang dados andêlipun baris ing Kablitaran anama Ki Garwakăndha, kalih Sêcadirana, tiga Panji Tohpati. Wondene Panêmbahan Hèrucakra inggih sampun sumêrêp, yèn dipun lurugi, lajêng bidhal sabalanipun saking ing Madiun. Ingkang dados têtindhihing baris Dipati Sasranagara, anitih maesa bule sampun nate dinamêl pêrang, panêmbahan anjênêngi saking katêbihan kemawon, sabab sangêt lingsêmipun dhatêng ingkang rayi.
BTJ 3.40.7
Baris ing Kablitaran kalihan baris ing Madiun lajêng campuh ing pêrang sakalangkung rame, kathah kang sami pêjah, bala ing Madiun nuntên kaplajêng, sabab pêrangipun rungak-rungak, bala ing Kablitaran dipun tindhihi gustinipun piyambak. [pi...] [...yambak.] Milanipun sami kêndêl-kêndêl pêrangipun. Pangeran Balitar wau nuntên wangsul amasanggrahan ing kitha Pranaragi, baris ingkang dados pangajêng taksih wontên ing dhusun Kandhêg.
BTJ 3.40.8
Anuntên wontên utusanipun sang prabu animbali Pangeran Balitar, sabab sang nata gêrah sangêt. Pangeran Balitar inggih nuntên bidhal sabalanipun agêgancangan, sampun dumugi ing Kartasura. Kala samantên sang nata gêrahipun sangsaya sangêt sarta sumêrêp yèn badhe dumugi ing jangji, puput panjênênganipun. Lajêng animbali Kapitan Wêlandi ingkang jagi ing Kartasura anama Kapitan Jaswa, inggih sampun dhatêng wontên ing kadhaton, alênggah cakêt.
BTJ 3.40.9
Sang nata angandika, kapitan, layang ingsun iki dikêbat kiriman marang ing Batawi, karo dene wêkas ingsun marang sira, yèn ingsun wis tinêkakake ing jangji, putraningsun Ki Dipati Anom sira gêntèkna marang ingsun, ing saupama Ki Dipati Anom ora nana, iya Si Dipati Purbaya sira adêgêna nata, ing saupama putraningsun loro mau ora nana, Si Adipati Balitar kang ingsun lilani gumantia ingsun jumênêng nata, yèn têlu pisan ana, iya putraningsun kang tuwa dhewe sira angkata jumênêng nata. Kapitan Jaswa matur sandika, lajêng mêdal anglampahakên sêrat enggal-enggalan.
BTJ 3.40.10
Sang nata anuntên animbali [animba...] [...li] putranipun sarta ingkang rayi kêkalih, anama Pangeran Arya Mataram kalih Pangeran Arya Panular, sampun sami dhatêng angadhêp ing dagan. Pangeran kêkalih lajêng kaawe lênggah cakêt. Sang nata ngandika bêbisik. Adhi mas sakarone, wêkas ingsun marang sira, yèn ingsun wis tinêkakake ing jangji, kang ingsun
BTJ 3.40.11
lilani anggêntenana ingsun jumênêng nata amêngku ing tanah Jawa, putraningsun têtêlu iku ing salah sawiji, êndi kang pinarêng duwe bêgja kalilan dening Allah, siji Ki Adipati Anom, loro Ki Purbaya, têlu Si Dipati Balitar, yèn padha anane ya kang tuwa dhewe, sapa kang anggêntèni ingsun jumênêng nata angêmonga marang sadulure kabèh, lan sira dibisa angêmong marang anak-anakira kabèh. Ingkang rayi kêkalih matur sandika sarwi angusapi waspa.
BTJ 3.40.12
Sang nata angandika malih dhatêng Pangeran Dipati Anom kalihan Pangeran Purbaya, kulup sakarone, ingsun titipi adhinira Si Balitar, aja kongsi padha sira larakake atine, wis padha dibêcik kèria. Sang nata nuntên seda, swaraning tangis gumêrah, layon sampun siniraman sarta kasalatakên ing para khaji tuwin ngulama, lajêng binêkta kasarèkakên ing Magiri, sinêngkalan 1643.
BTJ 3.40.13
Sapêngkêring layon Pangeran Dipati Anom lajêng angêbrêki [angê...] [...brêki] ing kadhaton. Sarêng ing dintên Sênèn para bupati mantri sapangandhap tuwin para putra santana sampun sami pêpak sowan wontên ing pagêlaran, tuwin ki pangulu saprikancanipun para khaji ngulama inggih sampun sami sowan wontên ing pagêlaran. Anuntên Pangeran Dipati Anom miyos saking kadhaton, kêkanthèn asta kalihan Kapitan Jaswa, ginarêbêg ing para arum. Lajêng pinarak ing dhêdhampar gadhing wontên ing bangsal pangrawit, kapitan alênggah ing kiwanipun sang prabu, kapitan lajêng maos sêrat kang saking Batawi, sarêng sampun dumugi ing pamaosipun, Pangeran Arya Mataram lajêng ngadêg wontên ing wingkingipun sang prabu sarwi angandika sêru,
BTJ 3.40.14
hèh sarupane mantri bupati sapangisor kabèh, padha anêksenana, yèn anggèr Pangeran Dipati Anom anggêntèni ingkang rama jumênêng nata amêngku ing tanah Jawa, ajêjuluk Kangjêng Susuhunan Prabu Mangkurat Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Saidin Panatagama, angadhaton ing Kartasura, bala ing Kartasura sami sumaur pêksi sadaya, kyai pangulu sapanunggilanipun sami andonga jumurung, bala Kumpêni sarta bala Jawi lajêng sami urmat angungêlakên mariyêm tuwin sanjata ambal-ambalan. Para santana bupati mantri lajêng ngujung ing sukunipun sang prabu, sang nata anuntên kondur angadhaton. Wondene parentahipun [pa...] [...rentahipun] sang prabu punika inggih botên ewah, taksih kados ingkang rama swargi, utawi yèn pinuju ing dintên Sênèn Kêmis sarta Sêtu sang nata inggih miyos. Kala samantên sang nata utusan amatêdhani sêrat dhatêng Ki Patih
BTJ 3.40.15
Cakrajaya kang wontên ing Surabaya, aparing pariksa yèn ingkang rama seda, sariranipun kang anggêntosi jumênêng nata, Ki Patih Cakrajaya kadhawahan têtêpa baris wontên ing Surabaya, sampun ngantos mantuk yèn dèrèng sampurna pêrangipun. Utusan wau inggih enggal mangkat saking Kartasura. Sang prabu lajêng anjunjung Ki Kartanagara kadadosakên pêpatih lêbêt, minăngka sisihipun Ki Patih Cakrajaya. Ki Martadipa kadadosakên bupati gêdhong, kaparingan nama Tumênggung Mangunnagara.