BTJ 3.41
Pangeran Balitar Sakit Manah lan Kumpêni Mêndhêg Têngah
Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 635-640
BTJ 3.41.1
Carik Bajra kaparingan nama Tumênggung Tirtawiguna. Santananipun sang prabu saking ing Matawis, putranipun Pangeran Pringgalaya Matawis, anama Radèn Natawijaya, kadadosakên panewu pamijèn, kaparentah sang nata piyambak. Ki Tumênggung Sumabrata pêjah, anakipun jalêr kadadosakên mantri, anama Ngabèi Kartinala.
BTJ 3.41.2
Kala samantên ingkang rayi sang prabu kêkalih, ingkang nama Pangeran Dipati Purbaya kalih Pangeran Dipati Balitar, sami kapundhut upacaraning pangeran dipati, kataksihakên [kataksih...] [...akên] upacara kasantanan kemawon. Sarta gêgadhuhanipun prajurit jagasura tuwin gêgadhuhanipun nagari ing Balora inggih sami kapundhut ing sang prabu, Pangeran Dipati Balitar sangêt sakit ing galihipun, kawêwahan wontên ingkang ambêbangus, abdinipun kang nama Ki Garwakăndha, punika kang angadon- adoni awon. Pangeran Balitar kapurih angrêbata karaton ing Kartasura, mila Ki Garwakăndha wau makatên. Sabab anakipun jalêr kang nama Ragum kinunjara ing sang prabu, dosanipun angrêsahi ing kadhaton. Pangeran Balitar lajêng anggêgabah bala sarta kaklêmpak gêgamaning pêrang, balanipun wêtawis sèwu gangsal atus, winêlêg ing dana buja.
BTJ 3.41.3
Ing wanci dalu Pangeran Balitar angaturi ingkang paman Pangeran Arya Mataram. Inggih sampun dhatêng pinanggihan ing dalêm. Pangeran Balitar alon matur, paman, mila sampeyan kula aturi, kadospundi awak kula punika, dene tansah asakit manah kula, putra jêngandika ki lurah punika sangêt têmên ênggènipun siya-siya dhatêng kula, botên angestokakên wêwêlingipun kangjêng rama swargi, wondene kula saèstunipun inggih badhe supe ing sadhèrèk sêpuh, kula sumêja angrêbat karaton ing Kartasura.
BTJ 3.41.4
Pangeran Arya Mataram têbah jaja sarta amangsuli. Anggèr, [Ang...] [...gèr,] makatên punika botên prayogi, sabab sadulur sêpuh punika gêgêntosing bapa dhasar dados nata, wajib tinurut ing
BTJ 3.41.5
saparentahipun. Sarèhning kula punika tiyang gêrang, pantês yèn dadosa pêpalang, tiyang gaplok dados pêpathok. Yèn kenging kula aturi sampeyan sampun ngantos adamêl rêngkaning nagari, ing tanah Jawi prayogi kadamêla kamuktèn lan sasêdhèrèk sampeyan. Amêsthi agêng barêkahipun. Sampun ngantos wontên kang boncèng[3] pikir, punapa malih raka jêngandika Pangeran Dipanagara kang sampun balela punika inggih prayogi kaaturana kondur dhatêng Kartasura, atuta lan para sadhèrèkipun. Dados nagarinipun kêrta, tiyang alit eca manahipun.
BTJ 3.41.6
Pangeran Balitar angandika malih, paman, pangandika sampeyan punika inggih lêrês. Yèn kakang prabu botêna[4] adamêl sakiting manah kula, sarèhning sangêt ênggènipun asiya-siya, yêkti singa tiwasa arêbat kamuktèn. Dene sampeyan piyambak kêdah anglêrêsakên kakang prabu, inggih sakarsa sampeyan, sampeyan măngsa ngilonana kula, sabab kula tiyang dama mêskin. Amêsthi sampeyan angiloni putra jêngandika ki lurah, ingkang sagêd amêmunjung sarta amuktèkakên ing tiyang sêpuh.
BTJ 3.41.7
Pangeran Arya Matasam[5] sumaur sarwi bêngis. Ah ênggih êmpun punapa ing sakarsa dika, sarèhning kula puniki tiyang sêpuh, inggih amêmalangi ing karsa sampeyan ingkang botên pantês. Bilih botên kenging inggih sumăngga, tiyang bêgja utawi cilaka badhe sampeyan lampahi piyambak. Nanging wêling kula sampeyan atêtarosana dhatêng raka jêngandika Pangeran Dipati Purbaya, sabab punika sadhèrèk sampeyan sêpuh, kuwawi yèn amitulungana dhatêng sampeyan. Dhasar sugih bala digdaya ing pêrang, kinalulutan ing tiyang sanagari.
BTJ 3.41.8
Pangeran Balitar amangsuli, inggih paman, kula măngsa angungkurna ing sabarang prakawis dhatêng kangmas Purbaya. Pangeran kêkalih wau lajêng sami dhatêng ing Purbayan. Sadhatêngipun ing ngriku lajêng amratelakakên ingkang badhe dados kaniyatanipun Pangeran Balitar, Pangeran Purbaya sarêng mirêng sangêt kewran ing galihipun. Agêrêng-gêrêng sarwi angusap jaja, sangêt wêlas dhatêng ingkang rayi Pangeran Balitar, sabab ingkang rama swargi awantos-wantos ênggènipun anitipakên Pangeran Balitar, sampun ngantos sakit manahipun. Nanging Pangeran Purbaya wau sangêt ing trêsnanipun dhatêng ingkang raka sang prabu,
BTJ 3.41.9
pangeran anuntên ngandika piyambak. Yèn dakpikir- pikir, luput ing sakaro-karone, kakang prabu kurang pangêmonge marang adhine, Si Balitar iki kurang panarimane.
BTJ 3.41.10
Pangeran Balitar matur dhatêng Pangeran Arya Mantaram. Paman, kalanipun upacara kula kapundhut, botên dados sakipun manah kula, nanging sarêng gêgadhuhan kula siti dhusun sami dipun dhadhali, punika sangêt sakiting manah kula, sabab andadosakên kêkirangan ingkang kula têdha ing saanak bojo kula sarta rencang kula sadaya. Ênggènipun pirêmbagan anuntên sami bibar, mantuk ing dalêmipun piyambak. Pangeran Balitar wau inggih botên sagêd ical sakiting galihipun, sarta botên kêndhat ênggènipun tata-tata gêgamaning prang.
BTJ 3.41.11
Gêntos kacariyos Panêmbahan Hèrucakra ingkang jumênêng wontên ing Madiun. Sampun mirêng pawartos yèn ingkang rama seda, ingkang anggêntosi jumênêng nata Pangeran Dipati Anom. Panêmbahan anuntên bidhal sabalanipun, sumêja ngêndhih karaton ing Kartasura, sarêng dumugi sakilèning rêdi Lawu, lajêng apacak baris wontên ing dhusun Pandonan tanah Sukawati, lajêng adamêl alun-alun sarta kadhaton, angimba ing Kartasura.
BTJ 3.41.12
Kacariyos malih Pangeran Balitar, sarêng sampun kathah balanipun sarta pirantos sagêgamanipun, pangeran lajêng utusan dhatêng loji amratelakakên ingkang badhe dados karsanipun sarta anodhi kêkêncênganipun Kapitan Jaswa tuwin Kumpêni ingkang sami jagi ing Kartasura [Karta...] [...sura] ngriku, wangsulanipun kapitan mandhêg têngah, kongkonan, kowe matura marang gustimu, mungguh kang bakal dadi karsane iku wong Kumpêni ora milu, sabab wong rêbut nagara padha sadulure dhewe, dene wong Kumpêni ênggone ana ing tanah Jawa iki suwita golèk kauntungan. Sapa kang unggul dakpanggul, sapa kang kalah aku amêsthi anjarah, sapa kang ana ing kadhaton iya iku gustiku, yèn upama Pangeran Balitar iku amêmungsuhana lan wong liyane, amêsthi ya dakrojongi sarta dakpitulungi ing pêrang, krana iku sadulure sang prabu gustine wong Kumpêni, sarèhning Pangeran Balitar sumêja mêmungsuhan karo sadulure dhewe, dadi aku sarta Kumpêni kabèh ora gêlêm munasika, wis, matura mêngkono bae. Utusan wau inggih sampun wangsul matur ing gustinipun. Pangeran Balitar mirêng aturing utusan sakalangkung suka galihipun.