BTJ 3.42
Balitar Ngrêbat Kartasura lan Purbaya Lolos
Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 640-644
BTJ 3.42.1
Kala samantên Pangeran Balitar sampun gilig ing rêmbag. Sabiyantu sarêng pêjah kalihan abdinipun para santri sarta khaji, kathahing balanipun wêtawis kalih bêlah èwu, lajêng sami pradandosan. Sarêng sampun sami samakta lajêng bidhal ing wanci bêdhug tiga, ingkang anindhihi baris ing ngajêng Ki Garwakăndha, kalih Sêcadirana, tiga Panji Tohpati, sakawan Kartabăngsa, pangeran [pange...] [...ran] wontên ing wingking, lampahing baris mêdal sakidulipun masjid agêng, anjog ing alun-alun. Tiyang Kablitaran sami kibir amêsthèkakên, yèn ing Kartasura badhe bêdhah,
BTJ 3.42.2
Ki Garwakăndha anjujug ing pakunjaran sakilèning sitinggil. Mantri ingkang rumêksa ing ngriku satunggil tinumbak sampun pêjah, kancanipun sami lumajêng dhatêng ing kadhaton. Bala ing Kablitaran sami surak sarwi ambibrah pakunjaran. Anakipun Ki Garwakăndha kang nama Ragum sampun kawêdalakên. Tiyang salêbêting kadhaton sami gègèr abilulungan. Bala ing Kartasura kang sami kêmit lajêng sami baris sangajêngipun kori kêmandhungan. Tumênggung kang kêmit anama Mangunnagara lumajêng dhatêng loji, asuka uninga dhatêng Kapitan Jaswa, sarta animbali prajurit Kumpêni, kapitan inggih sakalangkung gugup manahipun. Enggal anglampahakên prajurit Wêlandi kathahipun kalih Kumpêni, sampun dumugi ing kori gapit. Lajêng angarutug ing sanjata, bala ing Kablitaran sumêja ngamuk. Nanging kasangsang ing mimis kathah, Ki Sêcadirana kalih Panji Tohpati sampun sami pêjah, tiyang Kumpêni bantunipun saking loji dhatêng malih sarta ambêkta maryêm. Pangeran Balitar sumêja kiwul anêrêgakên bala, nanging katulak dêrêsing mimis. Anuntên mundur lon-lonan wanci byar. Sumêja lajêng dhatêng ing Kapurbayan.
BTJ 3.42.3
Kacariyos ibunipun Pangeran Balitar, inggih ibunipun sang prabu utawi Pangeran Purbaya anama Ratu Pakubuwana, sangêt ênggènipun kontrang-kantring, sêsambat sang prabu ingkang sampun seda, sêsambatipun botên sagêd rumêksa ing para putranipun, sami suwala apêpêrangan sami saduluripun. Ratu Pakubuwana wau lajêng minggah dhatêng ing rêdi salêbêting kadhaton anama rêdi Kunci, dêdamêlanipun Sinuhun Mangkurat swargi, Ratu Pakubuwana ngandika sêru dhatêng Pangeran Balitar, kulup, dikêbat angungsia marang kakangira Si Purbaya, wong Kumpêni ora amburu marang sira, isih baris ana ing sitinggil anata mariyêm. Wondene palajêngipun bala
BTJ 3.42.4
Kablitaran wau sampun dumugi ing Purbayan. Pangeran Balitar lajêng lumêbêt piyambak, balanipun adhêdhêm[6]
BTJ 3.42.5
Ing enjing punika Pangeran Dipati Purbaya dèrèng wungu, nanging kagèt mirêng swara gumêrah sajawining dalêmipun. Pangeran wungu lajêng mêdal kuthetheran. Sarêng dumugi ing pandhapi, Pangeran Balitar enggal mêthukakên. Pangeran Purbaya anjêgrêg. Dangu botên sagêd angandika, lathinipun kados kinunci, sabab sangêt ênggènipun gêtun sarta wêlas dhatêng ingkang rayi, nanging sangêt trêsnanipun dhatêng ingkang raka sang prabu, dados Pangeran [Pangera...] [...n] Purbaya wau sakalangkung kewran ing galihipun. Tumuntên nyêbut sarta angunjal napas. Alon ênggènipun ngandika,
BTJ 3.42.6
adhi mas, wis aja nangis, ya aku ingkang anglabuhi marang kowe, têlungane kakang prabu, sabab wis mukti, nanging ayo padha lunga marang ing Mataram, atata-tata ana ing kono, rasaning atiku yèn aku wis ana ing Mataram, kaya-kaya bala ing Kartasura pêparon malah akèh kang padha nusul milu ing aku. Pangeran Purbaya lajêng angundhangi bala tuwin putra garwanipun, kinèn sami pradangdosan. Karsanipun pangeran badhe bidhal ing sakala ugi, wondene putranipun sang prabu pambajêng saking garwa sêlir, ingkang kapêndhêt putra dhatêng Pangeran Purbaya, anama Pangeran Riya, sampun kakramèkakên angsal putranipun èstri Pangeran Balitar, punika inggih tumut botên purun kantun. Sabab sampun sangêt trêsnanipun dhatêng ingkang rama Pangeran Purbaya.
BTJ 3.42.7
Pangeran Purbaya wau sarêng sampun ênggènipun pradangdosan, lajêng bidhal saputragarwanipun tuwin abdi jalêr èstri, garwa putranipun Pangeran Balitar inggih botên wontên ingkang kantun. Lampahipun mêdal sakiduling kadhaton. Pangeran Purbaya lajêng anuduh ing bala sawêtawis, kinèn ambêsmèni pasowan kidul. Bala ingkang sami kadhawahan inggih enggal tumandang, [tuma...] [...ndang,] ambêsmèni pasowan sarta amadungi korining kadhaton. Prajurit kaparak kang sami baris ing kori ngriku botên purun anglawan, sami nungkul sadaya, anuntên bala Kumpêni dhatêng angarutug ing sanjata, bala Kapurbayan lajêng sami mundur lon-lonan, anututi gustinipun.
BTJ 3.42.8
Lampahipun pangeran kêkalih wau sampun dumugi ing Drêsanan, arêrêp sadalu, anuntên wontên abdinipun Pangeran Purbaya satunggil, tilas bupati ing Pathi, anama Mangunonêng, anyuwun pamit dhatêng ing Pathi, sumêja kaklêmpak bala, Pangeran Purbaya inggih anglilani, Ki
BTJ 3.42.9
Mangunonêng lajêng mangkat mangalèr. Pangeran kêkalih sarêng enjing tumuntên bidhal saking ngriku, lampahipun sampun dumugi ing Matawis, anjujugi kutha Karta, tilas badhe kadhatonipun Kangjêng Sultan Agung swargi, nanging dèrèng ngantos kabanon, Kangjêng Sultan Agung kasêlak seda, ing kutha Karta wau lajêng dipun ênggèni dhatêng pangeran kêkalih, kabêthekan kareka kadhaton sarta kaêlih nama nagari ing Kartasari, têtiyang ing tanah Matawis sampun sami suyud.