BTJ 3.43
Sultan Ibnu Mustapa Jumênêng ing Kartasari
Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 644-648
BTJ 3.43.1
Ing Kartasari sampun agêng bêbarisanipun. Pangeran Purbaya nuntên anglêmpakakên para tapa tuwin para ngulama para khaji sawontênipun nagari ing Matawis. Punapadene Kyai Wanagiri pradikan ing tanah Matawis inggih sampun ngalêmpak [ngalêmpa...] [...k] wontên ing ngriku, sarêng satunggiling dintên pangeran kêkalih wau miyos sineba ing balanipun. Para khaji sapanunggilanipun inggih sampun sami sowan. Pangeran Purbaya ngandika sêru, sarupaning wong kang padha seba iki kabèh anêksenana, yèn adhi mas Pangeran Dipati Balitar ingsun junjung jumênêng nata, angadhaton ing Kartasari, ajêjuluk Sultan Ibnu Mustapa Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama. Para abdi sami saur pêksi tuwin para khaji inggih lajêng sami donga jumurung, Pangeran Purbaya enggal anarik astanipun ingkang rayi kalênggahakên ing dhêdhampar gadhing, Pangeran Purbaya lênggah ing kursi wontên ing têngênipun sarwi undhang malih, yèn sariranipun anama Panêmbahan Senapatining Prang. Pangeran Riya kaangkat nama Pangeran Dipati Anom Amêngkunagara, Ki Garwakăndha kadadosakên pêpatih anama Tumênggung Jayabrata, Ki Wăngsadirja kaangkat nama Tumênggung Wiranagara, Băngsapatra nama Dipati Lumarap. Ki Mas Gêrit anama Tumênggung Sindurêja, sadaya abdi Kablitaran tuwin abdi Kapurbayan sampun sami jinunjung lênggah sapangkat-pangkat. Kyai Wanagiri kadamêl kamisêpuh, kaanggêp ing saaturipun.
BTJ 3.43.2
Panêmbahan nuntên parentah angêlar jajahan. Ki Tumênggung [Tu...] [...mênggung] Sindurêja kinèn anêlukakên têtiyang ing Kêdhu, Ki Tumênggung Martasura dhatêng ing Toyamas saurutipun. Tumênggung kêkalih wau inggih sampun lumampah, ingkang sami katêlukakên sampun suyud sadaya. Dene ingkang katuduh dhatêng ing tanah Pajang Ki Dipati Lumarap. Lajêng abêbiting wontên ing Drêsanan. Têtiyang ing tanah Pajang utawi tiyang padhusunan sakiwatêngêning nagari Kartasura
BTJ 3.43.3
sampun kathah kang sami nungkul. Ki Dipati Lumarap wau sampun agêng bêbarisanipun.
BTJ 3.43.4
Kala samantên bala Kartasura, para bupati mantri tuwin tiyang alit kathah kang sami kesah tilar bale griyanipun, sami nusul dhatêng ing Matawis suwita Panêmbahan Purbaya, dados nagari ing Kartasura katingal suwêng, balanipun sang prabu amung kantun bêbêktan saking kadipatèn, lajêng sami jinunjung ing lênggahipun. Wontên kang kadadosakên bupati, sawênèh dados mantri, Ki Tumênggung Kartanagara kaêlih nama Dipati Mangkupraja, lajêng kinèn baris sakidul nagari Kartasura. Putranipun Pangeran Arya Panular kang anama Radèn Suradiningrat kadadosakên ing senapati, angêrig têtiyang sawetaning rêdi Marapi, lajêng apacak baris wontên ing dhusun Sêlap. Ing Kartasura wontên sudagar satunggil anama Pranasuta, sugih rajabrana sarta sugih tiyang têtumbasan, sami binalănja cara Kumpêni, Ki Pranasuta wau sampun kajunjung nama Tumênggung Subrata, ing sabên dintên kinèn anglarag dhatêng padhusunan angupados têtêdhan, uwos pantun sapanunggilanipun. Sabab ing salêbêtipun nagari Kartasura sangêt ênggènipun awis têdha, tiyangipun kathah kang sami kesah, nanging bala Kumpêni saking ing Samawis sami dhatêng andalêdêg kathahipun ewon, arumêksa ing sang prabu, sami kaprênahakên wontên ing pasowan ngalun-alun. Pangagêngipun kapondhokakên ing bangsal sakiwatêngêning pagêlaran. Ing alun-alun Kartasura kêbêk bala Kumpêni jinisipun warni- warni.
BTJ 3.43.5
Anuntên sang nata anglampahakên utusan dhatêng Surabaya sarta mawi sêrat amaringi pariksa sarta animbali ing Tuwan Amral kalihan Ki Patih Cakrajaya sakancanipun bupati, utusan enggal mangkat, sampun dumugi ing Surabaya, Amral kalihan ki patih sarêng sampun sami maos sêrat sakalangkung ngungun. Botên anyana para pangeran sami rêbat singgih, têmah dados risake nagarinipun. Amral kalihan ki patih nuntên amatah Kumpêni sabrêgada, kinèn têtêp baris wontên ing Surabaya, kinanthenan bupati ing Madura kalihan Tuban, Sidayu, ing Garêsik, Nglamongan, sarta Ki Ngabèi Tohjaya, têtindhihipun tiyang Kumpêni [Kumpê...] [...ni] anama Kapitan Bèsing, aliya saking punika kabêkta dhatêng ing Kartasura sadaya, Amral kalihan ki patih sarta para bupati sabalanipun anuntên bidhal.