BTJ 3.44
Pangeran Pancawati Kraman ing Dêmak
Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 648-650
BTJ 3.44.1
Kacariyos wontên tiyang têtilasan bupati ing Kudus anama Pangeran Kudus, adhêdhêkah siti ing Dêmak anama dhusun ing
BTJ 3.44.2
Păncawati, inggih lajêng nama Pangeran Păncawati, punika angraman sampun ambêdhah ing Dêmak. Bupatinipun ing Dêmak wontên ing Surabaya, têtiyang ing Dêmak sami suyud sadaya, sami ajrih amêthukakên pêrang, sabab Pangeran Păncawati wau gadhah pangabaran.
BTJ 3.44.3
Sarêng Tuwan Amral kamirêngan yèn ing Dêmak wontên kraman, anuntên bupati ing Dêmak kêkalih kinèn enggal angrumiyini, bupati kêkalih wau inggih enggal angrumiyini sabalanipun sarta sangêt ing nêpsunipun. Sabab ênggènipun baris wontên ing Surabaya sampun lami, sarêng mantuk amanggih mêngsah, lampahipun anggêrgut.
BTJ 3.44.4
Pangeran Păncawati inggih sampun ingaturan uninga dhatêng balanipun. Yèn mêngsahipun dhatêng, Kumpêni sarta Jawi, Pangeran Păncawati lajêng amaringi isarat dhatêng balanipun, supados lêpata ing mimis. Pangandikanipun, sira kabèh ajana wêdi aprang karo wong Walănda, amêsthi mimise padha piyak. Sabab wis ingsun sêsarati. Balanipun [Balanipu...] [...n] inggih sami pitados. Lajêng sami baris wontên ing alun-alun kathahipun sèwu, sami rasukan pêthak sadaya, têtindhihipun putranipun jalêr kêkalih anama Sumadipura kalih Suradipura, lajêng têmpuh prang rame kalihan barisipun Tumênggung Dêmak.
BTJ 3.44.5
Nuntên kabubuh Kumpêni dhatêng, angarutug ing sanjata, bala ing Păncawati kathah kang pêjah tuwin kataton Sumadipura kalih Suradipura sampun sami pêjah, Pangeran Păncawati badhe ngamuk, kasêlak kadhawahan mimis. Baunipun ingkang kiwa sêmpal. Lajêng binayang para santananipun kabêkta dhatêng ing surambi, nuntên sami katilar lumajêng, balanipun ingkang taksih sami gêsang sampun larud sadaya.
BTJ 3.44.6
Tuwan Amral enggal amurugi dhatêng surambi, lajêng wicantên dhatêng pangeran. Kowe mau dadi raja amêngku ing tanah Jawa, yagene baumu sêmpal. Pangeran Păncawati nangis sarta gêladrahan. Amral sakalangkung suka sarta wicantên malih, iki aku awèh tămba prêmati, supaya kowe tumulia jumênêng raja. Pangeran lajêng pinêdhang dhatêng Amral, gulunipun tugêl bêt[7] sampun pêjah. Amral sakumpêninipun sarta para bupati sadaya asipêng sadalu wontên ing ngriku, enjingipun bidhal dhatêng ing Samawis.
BTJ 3.44.7
Wondene ingkang dados pangagêng Kumpêni ing Samawis [Sama...] [...wis] anama Komasaris Dulkup. Sakalangkung ênggènipun angurmati sarta anyuba-nyuba dhatêng ki patih tuwin para bupati sadaya.