BTJ 3.45
Arya Mataram Balela lan Cakrajaya Dipun Gêdhong
Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 650-652
BTJ 3.45.1
Gêntos kacariyos Ki Mangunonêng abdinipun Panêmbahan Purbaya, ingkang anyuwun pamit kalanipun wontên ing Drêsanan, sumêja angupados sarta akêklêmpak bala dhatêng ing Pathi, Ki Mangunonêng wau samangke inggih sampun kathah balanipun sarta sampun ambêdhah nagari ing Pathi, nanging Ki Mangunonêng supe ing ubayanipun dhatêng Panêmbahan Purbaya, sabab sumêrêp badhe ing kadadosanipun. Ki Mangunonêng wau lajêng nungkul dhatêng Ki Patih Cakrajaya tuwin dhatêng Kumpêni, inggih sampun katarimah ing panungkulipun sarta katêtêpakên dados bupati ing Pathi.
BTJ 3.45.2
Kacariyos Pangeran Arya Mataram alolos saking nagari Kartasura, sumêja madêg nata wontên ing Pathi, lampahipun dumugi ing Garobogan. Bupatinipun nungkul kemawon. Pangeran Arya Mataram lajêng apacak baris wontên ing ngriku sarta anêlukakên nagari sakiwatêngênipun. Kala samantên ing tanah măncanagari sakalangkung rêsah, sami bahak-binahak, bêdhah-binêdhah, sabab botên kantênan ing pangadhêpanipun.[8] Wontên kang tumut Panêmbahan Hèrucakra, wontên kang têluk dhatêng Kumpêni ing Surabaya, wontên kang tumut Pangeran Arya Mataram. Sawêg tumut mriku lajêng katêlukakên mriki, têtiyang alit sakalangkung bingungipun ing wêktu punika.
BTJ 3.45.3
Anuntên sang nata utusan amatêdhani sêrat dhatêng komasaris ing Samawis. Ungêling sêrat animbali Tuwan Amral sakumpêninipun, badhe andikakakên ngalurug dhatêng ing Matawis. Kaping kalihipun tuwan komasaris kadhawahan anggêdhong Ki Patih Cakrajaya, dosanipun katêrka angubungi[9] dhatêng Pangeran Purbaya sarta Pangeran Balitar. Tuwan komasaris sarêng sampun amaos sêrat, sakalangkung ngungun. Ki Patih Cakrajaya lajêng kaêrès kalêbêtakên ing gêdhong, Tuwan Amral nuntên amurugi dhatêng gêdhongan, angrangkul dhatêng ki patih sarta brêbês mili, sabab sangêt ing trêsnanipun. Kalanipun wontên ing Surabaya rintên dalu tuwin yèn pêrang botên pisah kalihan ki patih, Tuwan Amral alon ênggènipun wicantên. Saudara, sampun kuwatos galih sampeyan. Yèn dhasar sampeyan têmên-têmên ênggèn sampeyan rumêksa ing nagari, amêsthi Gusti Allah angganjar wilujêng, krana sampeyan botên gadhah dosa dhatêng sang prabu, sarèhning kula sumêrêp prayogining panganggêp sampeyan dhatêng Kumpêni tuwin dhatêng sawarnining abdinipun
BTJ 3.45.4
sang prabu, ing benjing samangsanipun kula kêpanggih kalihan sang nata, badhe amratelakakên awon sae sampeyan sarta ananggêl.
BTJ 3.45.5
Ki patih amangsuli, tuwan, sangêt tarima kasih kula ing katrêsnan sampeyan dhatêng kula, sampeyan sampun ngantos enggal-enggal matur dhatêng sang nata, bokmanawi amêmungu duka, kalih dene bilih katêrka kula anyênyambat dhatêng sampeyan, dados kawastanan ajrih ing pêjah, kirang pangandêl kula dhatêng ing Allah tuwin dhatêng sang prabu.
BTJ 3.45.6
Tuwan Amral wicantên malih, inggih saudara, kintên-kintên punika wontên ing kula, nanging panêdha kula sampeyan kemawon sampun ngantos sangêt susah. Tuwan Amral nuntên mêdal apradangdosan. Sarêng sampun mirantos lajêng bidhal sarta ambêkta Kumpêni awarni-warni, pinêthuk dhatêng Ki Dipati Mangkupraja wontên ing Toyadana, lajêng kairit kêpanggih kalihan sang prabu, sampun pinêrnahakên sarta sinêgahan. Sang nata sangêt ênggènipun anyuba-nyuba dhatêng Amral.