BTJ 3.46
Hêrucakra Kabêdah lan Sasranagara Pêjah
Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 652-656
BTJ 3.46.1
Gêntos kacariyos Panêmbahan Purbaya ing Matawis anglampahakên utusan dhatêng ing Sukawati angaturi ingkang raka Panêmbahan Herucakra kaaturan kumpul wontên ing Matawis. Nanging wangsulanipun Panêmbahan Hèrucakra, anyanggi krami, sabab rumaos sampun rosa sugih bala piyambak. Ênggènipun angaturi wau ngantos kaping tiga, inggih tansah nyanggi [nyang...] [...gi] krami kemawon. Panêmbahan Purbaya kakên galihipun. Lajêng utusan amaringi sêrat dhatêng Sang Dipati Jayapuspita ing Japan. Suraosipun, amaringi uninga, yèn Panêmbahan Purbaya kalihan Pangeran Balitar sampun lolos saking ing Kartasura jumênêng wontên ing Matawis. Kaping kalih Sang Dipati Jayapuspita kadhawahan angrisaka dhatêng Panêmbahan Hèrucakra, sabab kaaturan kumpul dhatêng ing Matawis botên purun. Utusan inggih enggal mangkat sampun dumugi ing Japan.
BTJ 3.46.2
Wondene Sang Dipati Jayapuspita sarêng sampun maos sêrat saking ing Matawis sakalangkung ngungun. Ing wusana sangêt bingah, sabab sangêt asihipun dhatêng Panêmbahan Purbaya, sang dipati nuntên amaringi sêrat dhatêng ingkang rayi ingkang nama Dipati Sasranagara, kang dados andêl-andêlipun Panêmbahan Hèrucakra, kang sawêg baris wontên ing dhusun ing Pandonan tanah Sukawati, ungêling sêrat, kinèn angoyak dhatêng Panêmbahan Hèrucakra saking
BTJ 3.46.3
parentahipun Panêmbahan Purbaya. Dipati Sasranagara sarêng sampun anampèni parentah saking ingkang raka, nuntên sawarninipun bala măncanagari sami dipun undhangi dhêdhêmitan. Utawi prajuritipun panêmbahan kang saking Surabaya sarta têtiyang Bali inggih sampun sami jiniwitan. Dipun jak anilar ing panêmbahan, [panêmbah...] [...an,] angumpul ing panggenan sanès ing wanci dalu nuntên sami bidhal kêbut sarêng sadalu, ingkang taksih kantun amung abdinipun bêbêktan saking Kartasura ing sawatawis. Panêmbahan sarêng sumêrêp sakalangkung gêtun sarta ajrih, sarêng wanci enjing Sang Dipati Sasranagara sabalanipun dhatêng, gumuruh sami surak sarta anitir bêndhe, sami anyakêti biting, panêmbahan sangêt gugup. Enggal anyandhak jêmparing mêdal dhatêng korining biting sarwi ngandika sêru dhatêng Dipati Sasra saking katêbihan.
BTJ 3.46.4
Sasranagara, kowe apa bakal lali marang aku, elinga. Dipati Sasranagara sarêng mirêng nuntên mudhun saking kapal, angadêg nyêmbah sarwi amangsuli sêru,
BTJ 3.46.5
anggèr, kula punika drêmi anglampahi parentahipun rayi sampeyan Panêmbahan Purbaya ing Kartasari, rèhning sampeyan băngga ing parentahipun, kula kinèn anyampuni dhatêng sampeyan. Dipati Sasranagara lajêng majêng sarwi ngêmbat waos. Panêmbahan enggal nitih kapal lumajêng kalihan garwa putranipun sarta abdi sawêtawis pating pucècèr, sêliripun pitu kantun sadaya, Dipati Sasranagara sabalanipun anjarahi saisining pabitingan. Sêlir pêpitu wau sampun kapêndhêt dhatêng Dipati Sasranagara, kadamêl sakajêng-kajêng. Sarêng antawis tigang dintên, Ki Dipati Sasranagara kalananganipun mêtung sapupu sarta risak. Anangis [Ana...] [...ngis] aruara, asambat nyuwun pangapura ing panêmbahan. Amargi ênggènipun adamêl sawênang dhatêng para sêliripun. Ênggènipun sakit ki dipati wau pitung dintên lajêng pêjah, jisimipun lajêng kabêkta dhatêng ing Japan ing para santananipun. Balanipun sami buyar.
BTJ 3.46.6
Wondene palajêngipun Pangeran Hèrucakra wau anjujug ing dhusun Sêmanggi cakêt ing Baturana bawah ing Sala, dêmang ing Baturana anama Dêmang Kêncèng, enggal angaturi uninga dhatêng ing Kartasura, wondene sang prabu inggih nuntên utusan angaturi kondur dhatêng ingkang raka, sarta angintuni busana kalihan arta, nanging Pangeran Hèrucakra sumados angêntosi sêlir tuwin abdinipun ingkang taksih sami kantun. Sang prabu ênggènipun angaturi dhatêng ingkang
BTJ 3.46.7
raka wau ngantos kaping sakawan. Nanging tansah winangsulan makatên kemawon. Sang nata kakên galihipun. Dêmang Kêncèng lajêng kadhawahan angoyaka ingkang raka saking ing dhusun ngriku, Dêmang Kêncèng nuntên amêpak kalerehanipun tiyang urut ing bênawi, ing wanci dalu lajêng sami dhatêng ing dhusun Sêmanggi sarwi surak anitir bêndhe, pangeran sarêng mirêng sakalangkung ajrih, enggal lumajêng mangidul sagarwaputranipun. Sarêng sampun siyang arêrêp wontên ing dhusun Gênting, ing dalunipun lajêng tinukup dhatêng tiyang ing dhusun. Barang gadhahanipun têlas kapêndhêtan. [kapê...] [...ndhêtan.] Garwanipun nandhang tatu, nuntên sami lumajêng adharat kemawon, anusup-nusup ngidul ngilèn kawêlas asih, anjujug ing Têmbayat, kèndêl ing griyanipun Pangeran Wăngsadriya, Pangeran Wăngsadriya inggih lajêng angaturi uninga ing Panêmbahan Purbaya dhatêng Matawis, yèn ingkang raka wontên ing griyanipun sakalangkung karisakan, botên mawi abdi amung kalihan putra garwanipun. Panêmbahan Purbaya inggih enggal utusan amêthuk tandhu kalihan kapal punapa malih busana sarta arta, Pangeran Hèrucakra inggih nuntên bidhal saking ing Têmbayat. Sampun dumugi ing Kartasari, kêpanggih kalihan ingkang rayi kêkalih arêrangkulan sarta sami muwun.
BTJ 3.46.8
Sarêng sampun antawis lami Pangeran Herucakra lajêng ingaturan bala dhatêng ingkang rayi, nuntên dipun kèn angêlar jajahan mangetan. Pangeran Hèrucakra nuntên bidhal sabalanipun anjujug ing Utêr tanah Nglaroh, têtiyang dhusun sakiwa têngên ing ngriku inggih sampun sami suyud.