BTJ 3.47

Pêrang Kalêpu lan Bêdhahing Kartasari

Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 656-662

BTJ 3.47.1

Kacariyos Tuwan Amral, bidhal saking nagari Kartasura, sumêja ambêdhah ing Matawis, ambêkta bala Kumpêni kathah awarni-warni, dene têtindhihipun bala Jawi ing Kartasura Ki Dipati Mangkupraja, sakalangkung agêng lampahing baris. Lajêng amasanggrahan wontên ing Dilanggu, ajêng-ajêngan kalihan mêngsah. Wondene têtindhihipun bala ing Matawis ingkang baris ing Drêsanan ngriku anama Dipati Lumarap, sakalangkung bèrbudinipun, sagêd amêndhêt manahipun têtiyang alit. Utawi têtêlukanipun kang anama Dêmang Bêbêkêl inggih sami kaagêngakên manahipun. Ing sabên dintên kaajak tunggil nêdha, mila têtêlukanipun sadaya sami asih, sumêja anglabuhi pêjah, anuntên bêbantu saking Matawis dhatêng anama Tumênggung Wiranagara kalih Tumênggung Gajah Pramada sabalanipun. Sampun kumpul kalihan Dipati Lumarap. Lajêng mundur abêbiting ing Kalêpu amrih papan kang

BTJ 3.47.2

prayogi. Wondene Panêmbahan Purbaya sarta Sultan Balitar inggih sampun bidhal saking ing Kartasari, sakalangkung agêng lampahing baris. Sultan Balitar anitih tandhu lêlawak, ginarêbêg ing para khaji tuwin para ulama sapanunggilanipun, sumêja amêthukakên pêrangipun Kumpêni, lajêng sami pacak baris wontên ing dhusun Sanasèwu sarta lajêng abêbiting.

BTJ 3.47.3

Kacariyos Tuwan Amral kalihan Dipati Mangkupraja bidhal saking ing Dilanggu sarta bala Kumpêni pitung kapitan. Lajêng campuh prang kalihan bala ing Matawis wontên ing Kalêpu, sakalangkung rame pêrangipun. Bala Kartasura sarta bala Matawis kathah kang sami pêjah, anuntên Kumpêni angarutug ing sanjata, bala Matawis kathah ingkang pêjah, [pê...] [...jah,] biting Kalêpu sampun kalêbêtan dening Kumpêni, Tumênggung Wiranagara lumajêng, Ki Dipati Lumarap ingajak lumajêng dhatêng para santana tuwin para têtêlukanipun botên purun. Wicantênipun, sanak-sanakku kabèh, yèn kowe padha wêdi mati padha lumayua, aku dhasar dakniyati mati ana ing paprangan. Krana aku iki trahing wong pidak bêndarakan,[10] jênêngku biyèn Si Băngsapatra, măngka samêngko aku jênêng Dipati Lumarap, kêkasihe Panêmbahan Purbaya, yèn aku lumayua kêna diarani wong ora wêruh ing kabêcikan. Sarèhning gustiku bangêt asihe marang aku, aku ora bisa malês. Kajaba ming pêcahe kulitku lan wutahe gêtihku kang dakwalêsake, wis, kowe padha lumayua bae, aku dakngamuk dhewe. Tiyang ingkang dipun wicantêni wau kathahipun sêlawe, lajêng sami angamuk, golong anêrajang barisipun Dipati Mangkupraja, kang tinêrajang mawur, nuntên Kumpêni atêtulung ngarutug ing sanjata, tiyang salawe wau sampun sami pêjah sadaya, Ki Dipati Lumarap kabyukan ing mimis kathah inggih sampun pêjah, murdanipun tinigas. Sirah kaaturakên dhatêng Kartasura, pajalêranipun inggih tinigas. Lajêng kapakakakên ing sagawonipun Amral anama Jakub, sampun nate binêkta pêrang, sagawon wau lajêng kaêlih nama Lumarap.

BTJ 3.47.4

Tuwan Amral sakumpêninipun tuwin Dipati Mangkupraja lajêng lampahipun, sumêja dhatêng Matawis. Sarêng dumugi ing Tangkisan Amral kagèt aningali ing ngajêng wontên baris sakalangkung agêng, lajêng pitakèn dhatêng Mangkupraja mênggah ingkang baris punika, Ki Mangkupraja anyêrêpakên yèn ingkang baris punika Panêmbahan Purbaya kalihan Sultan Balitar, Tuwan Amral lajêng anata Kumpêninipun adamêl gêlar, Dipati Mangkupraja sabalanipun kinèn

BTJ 3.47.5

mêdal ing Babanar, bala Kumpêni kawêdalakên satêngahing padhusunan. Supados mêngsahipun sampun ngantos aningali, kapurih kêndêla, sarta amatah bala sawêtawis kinèn lumampah ing wingking têbih ngobongana padhusunan.

BTJ 3.47.6

Wondene panêmbahan sarta Sultan Balitar inggih sampun sumêrêp yèn mêngsahipun dhatêng, lajêng anata bala, panêmbahan sabalanipun dados panjawat kiwa, Sultan Balitar dados panjawat têngên. Ingkang dados dhadha Pangeran Riya, bala Kablitaran sarêng aningali mêngsahipun botên kanthi Kumpêni, sami gambira manahipun. Lajêng anêrajang purun. Bala Mangkupraja anadhahi, rame prangipun, kathah kang sami pêjah, anuntên Kumpêni mêdal saking padhusunan atêtulung, angarutug ing sanjata, bala ing Kablitaran sami kagum. Botên wontên nyana yèn Kumpêni dhatêng,

BTJ 3.47.7

Sultan Balitar [Ba...] [...litar] anyêrêgakên balanipun tuwin para santri, nanging kasangsang dêrêsing mimis. Bala Kablitaran sami rêbah pating sulasah kenging ing mimis, tuwin para santri wau inggih sampun sami pêjah sadaya, panongsongipun Pangeran Balitar rêbah kadhawahan mimis. Songsongipun malêsat. Sultan Balitar sabalanipun anuntên lumajêng. Pangeran Riya sabalanipun atêtulung, anadhahi pêrangipun Kumpêni, Pangeran Riya wau anyandêr angadhangi palajêngipun tiyang Kablitaran, sarwi ngandika sêru, hèh wong Kablitaran, padha balia ngamuk daktulungi, yagene paman Balitar iku wong arêp jumênêng nata kok wêdi mati lumayu andhisiki, mulane kangjêng panêmbahan mêtu têka nagara ing Kartasura, amargi nglabuhi dhèwèke, ing wusana ora panggah ing pêrang, yèn mêngkono maratuwaku iku patut dikabiri bae.

BTJ 3.47.8

Akathah-kathah pangundhamananipun wau, nanging bala Kablitaran botên wontên ingkang sumaur, mêksa sami lumajêng kemawon. Pangeran Riya lajêng anindhihi pêrange balanipun. Panêmbahan Purbaya sarêng sumêrêp, yèn putranipun pêrang kalihan Kumpêni, panêmbahan sabalanipun enggal anêmpuh saking ing iringan, lajêng pêrang rukêt. Balanipun panêmbahan tuwin Kumpêni kathah ingkang sami pêjah, bangke ambêlasah, Kumpêni lajêng mundur sawêtawis. Kumpêni kang wontên [wontê...] [...n] ing wingking enggal ambendrong mariyêm. Balanipun panêmbahan kathah kang tatu tuwin pêjah, botên sagêd kiwul. Anuntên sami mundur lon-lonan. Kumpêni angêlud dumugi ing Kaliajir rêrêp wontên ing ngriku. Palajêngipun panêmbahan

BTJ 3.47.9

kalihan sultan sarêng dumugi ing Kartasari, asipêng sadalu, enjingipun bidhal saha bala tuwin putra garwanipun botên kantun. Ngalèr ngilèn anjog ing Kêdhu,

BTJ 3.47.10

bala Kartasura kang baris ing Kêdhu anama Tumênggung Mangkuyuda, kawon pêrangipun sarta nandhang tatu, lajêng têluk dhatêng panêmbahan. Têtiyang ing Kêdhu inggih sampun suyud sadaya. Wondene Tuwan Amral sakumpêninipun wau sarta Dipati Mangkupraja angêbrêki ing Kartasari, wontên ing ngriku tigang dalu, nuntên sami pirêmbagan.

BTJ 3.47.11

Ki Mangkupraja wicantên dhatêng Amral, tuwan, suwawi lajêng ambujêng dhatêng panêmbahan tuwin Sultan Balitar.

BTJ 3.47.12

Tuwan Amral alon amangsuli, saudara, kula botên purun yèn ambujênga dhatêng panêmbahan sarta Sultan Balitar, timbalanipun sang prabu dhatêng kula kala rumiyin, amung andikakakên ambêdhah ing Kartasari, măngka ing mangke sampun kalampahan bêdhah, amêsthi kula wangsul dhatêng ing Kartasura angaturi uninga ing sang prabu, kalih dene mêngsah sampeyan punika dede tiyang Bali tuwin tiyang ing Madura, punika saduluripun [saduluri...] [...pun] sang nata tunggil rama ibu, pandugi kula sang nata inggih taksih kagungan pangeman ing karisakanipun. Milanipun kula ajrih yèn angrumiyinana ing karsanipun sang prabu, dene benjing yèn kula sampun amratelakakên ing dalêm kula, măngka kadhawahan ambujêng dhatêng ingkang rayi, inggih sumăngga sami wangsul malih. Ki Dipati Mangkupraja botên sagêd amangsuli, sabab kaluhuran sabda, sarta lajêng amiturut dhatêng Amral. Anuntên sami bidhal mantuk dhatêng ing Kartasura. Sarêng panêmbahan sarta sultan mirêng pawartos, yèn Kumpêni sampun bidhal saking Matawis. Panêmbahan sarta sultan sabalanipun wangsul dhatêng ing Matawis. Anjujug ing dhusun Pamrêsan sawetaning pêkên agêng sarta lajêng akaklêmpak bala.