BTJ 3.48

Amral Nanggêl Cakrajaya lan Pangapuranipun

Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 662-664

BTJ 3.48.1

Kacariyos Tuwan Amral sakumpêninipun sampun dumugi ing Kartasura, lajêng sowan ing sang prabu, matur ing wiwitan dumugi ing wêkasan. Sang nata sakalangkung suka, Tuwan Amral matur malih, sinuhun, bilih ing salajêngipun panjênêngan dalêm taksih angarsakakên ing dalêm kula, kula inggih anglampahi, sanajan ngantosa pêjah kula inggih botên gumingsir, nanging kula gadhah panyuwun, mugi wontêna pangapuntên dalêm dhatêng pun Dipati Cakrajaya, bilih wontên kalêpatanipun, kula inggih ananggêl. Supados

BTJ 3.48.2

kenginga kula damêl [damê...] [...l] kanthi sabaya pêjah. Sang nata sarêng mirêng aturipun Amral lajêng lêgêg botên amangsuli.

BTJ 3.48.3

Ki Dêmang Urawan anyambungi atur, gusti, aturipun Tuwan Amral makatên punika, sabab sumêrêp, yèn pun Patih Cakrajaya wau rêsik bêbudinipun sarta têmên-têmên ênggènipun rumêksa ing nagari dalêm. Kalanipun pêrang wontên ing Surabaya rintên dalu botên pisah kalihan pun patih, dene tiyang ingkang amadulakên ing panjênêngan dalêm punika botên lêrês. Amung amurih kalêpatanipun Patih Cakrajaya. Sang nata sarêng mirêng aturipun Ki Dêmang Urawan lêga galihipun. Anuntên angandika dhatêng Amral.

BTJ 3.48.4

Amral, kang dadi panjalukira ingsun iya wis marêngi sarta ingsun ya wis angapura marang Si Cakrajaya.

BTJ 3.48.5

Tuwan Amral matur malih, yèn makatên, kula kalilanana lumampah dhatêng ing Samawis. Pun Cakrajaya badhe kula luwari piyambak saking pagêdhongan. Tumuntên kula bêkta wangsul dhatêng ing Kartasura ngriki.

BTJ 3.48.6

Sang nata angandika malih, iya Amral, ingsun anglilani, nanging sira aja lawas-lawas nuli balia mrene, lan balane Si Cakrajaya kang wis padha ana ing Kartasura kene gawanên, paringna marang Si Cakrajaya manèh. Tuwan Amral sakalangkung suka manahipun. Lajêng mêdal saking kadhaton apradangdosan. Ing enjingipun nuntên bidhal sarta ambêkta balanipun [balanipu...] [...n] Ki Patih Cakrajaya, sadhatêngipun ing Samawis ki patih sampun kaluwaran saking ing pagêdhongan. Lajêng aklêmpak bala amundhut urunan bala dhatêng para bupati pasisir, kadamêl prajuritipun ki patih, sabab Ki Patih Cakrajaya wau sumêrêp yèn têtiyang nagari ing Kartasura kathah kang sami kesah atilar bale griyanipun. Ênggènipun akaklêmpak bala wau badhe kadamêl ngisèni nagari ing Kartasura.