BTJ 3.49
Sunan Kuning Jumênêng ing Garobogan
Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 664-664
BTJ 3.49.1
Anuntên ki patih sarta Tuwan Amral angsal pawartos, yèn Pangeran Arya Mataram lolos saking Kartasura, jumênêng nata wontên ing Garobogan bawah ing Pathi, ajêjuluk Sunan Kuning, sampun anêluk-nêlukakên nagari sakiwa têngên ing ngriku, Tuwan Amral kalihan ki patih nuntên amarentahi Ki Tumênggung Mangunonêng ing Pathi, kinèn têluk dhatêng Pangeran Arya Mataram sarta sampun pinaringan basa wêwadi, Ki Tumênggung Mangunonêng inggih lajêng têluk dhatêng Pangeran Arya Mataram sarta sampun katarimah ing têlukipun, kagêga ing aturipun.