BTJ 3.50
Purbaya ing Marêbung lan Tohjaya ing Kartasura
Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 664-667
BTJ 3.50.1
Gêntos kacariyos Panêmbahan Purbaya kalihan Sultan Balitar, ingkang wontên ing dhusun Pamrêsan. Sarêng sampun kathah balanipun, lajêng bidhal saking ngriku, abêbiting wontên ing Marêbung, balanipun kinèn sami angêlar jajahan. Ingkang mangilèn angêlar jajahan ing Kêdhu, ingkang mangalèr anyakêti nagari ing Kartasura, [Kar...] [...tasura,] padhusunan sakiwatêngênipun ing Kartasura sami risak sadaya, têtiyang salêbêting nagari Kartasura sami kêkês manahipun. Sabab botên sagêd angupados têdha dhatêng sajawining nagari, lajêng kathah kang sami kesah atilar bale griyanipun. Sang nata sakalangkung ênggènipun sungkawa,
BTJ 3.50.2
anuntên wontên santananipun sang prabu saking ingkang ibu nama Radèn Săntarêja, sampun jinunjung lênggahipun, kaparingan nama Pangeran Mangkubumi, lajêng kadadosakên senapati, kinèn angundurakên mêngsah kang cakêt ing nagari Kartasura, Pangeran Mangkubumi inggih nuntên bidhal sabalanipun, amasanggrahan ing dhusun Kêmlathèn, sarta anglêmpakakên arahan. Wontên ing ngriku Pangeran Mangkubumi amanggih maryêm alit satunggil. Lajêng kadamêl pêrangipun. Bala ing Mataram kawon pêrangipun. Sampun bêdhah têbih saking nagari Kartasura, maryêm ênggènipun manggih Pangeran Mangkubumi wau lajêng winastanan pun Tundhung Mungsuh, kala samantên tiyang ing nagari Kartasura sampun sami asrêp manahipun. Sabab sampun sagêd ngupados tatêdhan dhatêng sajawining nagari lêlampahan sabêdhug.
BTJ 3.50.3
Anuntên sang nata anglampahakên utusan dhatêng ing Surabaya animbali Ki Ngabèi Tohhjaya, utusan enggal mangkat. Kala samantên ing Surabaya taksih rame pêrang wontên ing tanah Sapanjang, bala pasisir amêngsah Panji Surèngrana, gêntos larag-linarag. Utusanipun sang prabu wau anjujug Kapitan Bèsing, Ki Tohjaya inggih nuntên kaangkatakên sarencangipun. Sadhatêngipun ing Kartasura lajêng tinimbalan dhatêng kadhaton. Sang nata sangêt rêsêp ing galihipun aningali Ki Ngabèi Tohjaya, dêdêgipun gagah prakosa, taksih ênèm ambêk sura, sang nata alon andangu, Tohjaya, pira kèhe baturira,
BTJ 3.50.4
Ki Tohjaya matur saha sêmbah, gusti, abdi dalêm rencang kula tiyang têtumbasan namung wolung dasa, kang sapalih tiyang ing Bali, kang sapalih tiyang Jawi.
BTJ 3.50.5
Sang prabu anuntên amaringi sanjata sèkêt, sandawa mimis kawan êtong sarta busana kalihan arta, kinèn angêdum dhatêng rencangipun
BTJ 3.50.6
Ki Tohjaya, sang nata angandika malih dhatêng Ki Tohjaya, Tohjaya, sira tunggua marang ingsun. Sabab sira kawulaningsun dhewe ênggon ingsun anênêmu, sira mondhoka ing kadipatèn. Ki Tohjaya matur sandika, lajêng mundur saking ngarsa dalêm dhatêng ing pamondhokan.
BTJ 3.50.7
Kacariyos Dipati Jayapuspita ing Japan, ing sapêjahipun ingkang rayi kang anama Dipati Sasranagara, sangêt ênggènipun muring-muring, lajêng animbali ingkang rayi Dipati Natapura sabalanipun kang sawêg baris wontên ing Sapanjang, kinèn anglurug dhatêng ing Kartasura, Dipati Natapura inggih nuntên mangkat anglurug dhatêng ing Kartasura, ambêkta bala pitung atus sarta tiyang măncanagari sadaya, lajêng apacak baris wontên ing dhusun Picis, sakidul wetanipun ing Kartasura, padhusunan sakiwa têngên ing ngriku sami risak dipun jarahi, Dipati Natapura nuntên angaturi uninga dhatêng ing Matawis. Panêmbahan Purbaya sarêng sampun anampèni pratelaning utusan, sangêt suka ing manahipun. Ki Dipati Natapura lajêng dipun tarimani, ingkang katarimakakên Mas Ayu Tiknasari, Dipati Natapura sangêt bingahipun. Dhasar gêcul alit mila, lajêng aparentah angangsêg barisipun. Anyakêti nagari ing Kartasura, têtiyang salêbêting nagari sami prihatin.