BTJ 3.51

Cakrajaya Wangsul lan Dados Danurêja

Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 667-669

BTJ 3.51.1

Kacariyos Tuwan Amral kalihan Ki Patih Cakrajaya bidhal saking ing Samawis sabalanipun. Sarta ambêkta para bupati pasisir sakilèning Samawis. Ingkang sawetaning Samawis, amung bupati ing Dêmak, kalih ing Kudus, tiga ing Japara, liyanipun saking punika taksih sami baris wontên ing Surabaya, sarèhning Ki Cakrajaya wau sampun lami ênggènipun baris wontên ing Surabaya, sadhatêngipun ing Kartasura kathah kang sami anênonton ing gêgamanipun Ki Cakrajaya, sabab balanipun kathah busananipun sae-sae. Tuwan Amral kalihan ki patih nuntên sowan malêbêt ing kadhaton.

BTJ 3.51.2

Ki patih lajêng anyungkêmi sukunipun sang prabu sarwi nangis. Sêsambatipun kados pawèstri, ingkang sinambat ing tangis sang nata kang sampun seda, sang nata mirêng sambatipun ki patih angêrês galihipun, kagagas ingkang rama swargi, angandika sarwi nênggak waspa, wakane, wis mênênga, aja anangis. Ingsun mundhak milu anangis. Tuwan Amral sarêng aningali sang prabu sampun ical

BTJ 3.51.3

dukanipun dhatêng ki patih, pulih katrêsnanipun kados ingkang wau-wau,

BTJ 3.51.4

Tuwan Amral sakalangkung suka manahipun. Alon ênggènipun matur, sinuhun, sumăngga panjênêngan dalêm tingali, pun patih puniki punapa gadhah manah sèdhèng ing panjênêngan dalêm punapa botên. Ing saupami kapêjahana inggih botên suwala, nanging panjênêngan dalêm dados amêjahi tiyang tanpa dosa, benjing malih panjênêngan dalêm sampun sok anggêga aturing tiyang kang botên lêrês. Ing saupami pun patih punika sayêktos gadhah manah awon, amêsthi kula enggal angaturi uninga ing panjênêngan dalêm.

BTJ 3.51.5

Sang nata amangsuli, Amral, iya bênêr sira. Sang prabu lajêng angandika dhatêng ki patih, wakane, saiki sira mondhoka ing kadipatèn bae, dene omahira dhewe sun watara wis rusak, krana ênggonira aninggal wis lawas.

BTJ 3.51.6

Ki patih matur sarwi nêmbah, bilih panjênêngan dalêm parêng, kula badhe mantuk dhatêng pagriyan kula piyambak. Sabab paningal kula sawarninipun abdi dalêm ingkang sami gêgriya têbih saking kadhaton sami ajrih anggriyani, manawi kula sampun mantuk, pandugi kula sami purun amangsuli pagriyanipun piyambak-piyambak. Dados têtêp manahipun têtiyang alit, nagari dalêm botên katingalan suwêng. Amral matur anglêrêsakên ing aturipun ki patih, sang nata inggih sampun amarêngi, Amral kalihan ki patih nuntên mêdal saking kadhaton. Kala samantên botên antawis lami têtiyang ingkang sami ngili sampun sami mantuk dhatêng pagriyanipun piyambak-piyambak. Ki Cakrajaya nuntên kaêlih nama Dipati Danurêja.