BTJ 3.52

Pêrang Marêbung lan Ramalan Kandhuruwan

Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 669-674

BTJ 3.52.1

Sarêng sampun antawis sawulan sang nata aparentah dhatêng Arya Mandurarêja, kinèn ambantoni Ki Tumênggung Mangkuyuda, sabab kawon pêrangipun wontên ing Kêdhu, kinanthenan Tumênggung Malang, kalih ing Barêbês, tiga ing Têgal. Ki Tumênggung Kandhuruwan kalih Ki Jayasudarga kinèn angrêbat ing Pagêlèn. Tuwan Amral sakumpêninipun kalihan Bupati Danurêja, Dipati Mangkupraja tuwin para bupati pasisir anglurug dhatêng ing Marêbung, sadaya wau sarêng ing bidhalipun. Lampahipun Tuwan Amral sampun dumugi ing Marêbung, lajêng abêbiting ajêng-ajêngan kalihan bitingipun bala ing Matawis. Bupati ing Matawis kang wontên ing ngriku anama Ki Tumênggung Jayabrata, wondene Panêmbahan [Panê...] [...mbahan] Purbaya, kalih Sultan Balitar, tiga Pangeran Riya sami agiliran wontên ing ngriku sarta sami

BTJ 3.52.2

adamêl pêpanggungan. Kala punika kang pinuju wontên ing biting Panêmbahan Purbaya lajêng sami aprang mariyêman. Bala Matawis sami adamêl jugangan. Supados sampun ngantos kenging ing mimis. Ênggènipun pêrang maryêman wau sabên dintên botên kèndêl-kèndêl.

BTJ 3.52.3

Dene bala ing Kartasura ingkang dhatêng ing Kêdhu inggih sampun campuh pêrang, bala ing Matawis kawon, lumajêng dhatêng ing Matawis, bala Kartasura kang dhatêng ing Pagêlèn anama Kandhuruwan kalih Jayasudarga, ing Pagêlèn inggih sampun karêbat dhatêng Kandhuruwan kalihan Jayasudarga, têtiyang ing ngriku sampun suyud sadaya.

BTJ 3.52.4

Kala samantên Ki Kandhuruwan angumpulakên para tapa akalihan para ajar, ingkang sami ahlul petangan. Kinèn anjăngka Panêmbahan Purbaya kalih Sultan Balitar, punapa inggih alulus jumênêng nata punapa botên. Mila Ki Kandhuruwan wau makatên, saking trêsnanipun dhatêng Panêmbahan Purbaya, ing saupami sagêda lulus jumênêng nata, Ki Kandhuruwan sumêja ambalik, anilar ing Sang Prabu Kartasura, nanging aturipun para tapa sarta para ajar wau sami anjăngka yèn badhe lêbar ing lêlahan sarta botên wilujêng, nanging benjing wayahipun Panêmbahan Purbaya ingkang saking putranipun [putra...] [...nipun] èstri, punika amêsthi badhe jumênêng nata angadhaton ing Ngadipala[11] bawah ing Sala cakêt bênawi, sakalangkung agêng karatonipun. Ki Kandhuruwan sarêng sampun anampèni pratelaning para ajar, nuntên anglampahakên utusan mawi sêrat adhêdhêmitan katur Panêmbahan Surabaya, amratelakakên panjangkanipun para ajar wau, lampahipun ing utusan sampun dumugi ing Marêbung sarta angaturakên sêrat. Panêmbahan sasampunipun maos sêrat pratela, sakalangkung anglês galihipun. Enggal animbali Tumênggung Wiranagara, lajêng kaulungan sêrat saking Kandhuruwan wau sarta alon pangandikanipun. Wiranagara, pikirên unine layang iku, atiku bangêt gone rubêd.

BTJ 3.52.5

Ki Wiranagara enggal amaos sêrat. Sarêng sampun tamat tumuntên matur, gusti, pamanah kula ungêling sêrat punika sae, wondene awonipun, sarèhning pun Kandhuruwan punika samangke taksih dados mêngsah, bokmanawi adamêl girisipun galih dalêm kemawon. Ananging kala panjênêngan dalêm taksih timur ngantos sapriki pun Kandhuruwan wau panganggêpipun dhatêng ing panjênêngan dalêm sakalangkung sae sarta sangêt trêsna, ênggènipun gadhah atur ingkang kawrat ing sêrat punika saking pangemanipun.

BTJ 3.52.6

Supados panjênêngan dalêm sampun ngantos kapara ing tiwas. Mila dados pakèwêd ing pamanah kula.

BTJ 3.52.7

Panêmbahan ngandika, yèn mêngkono Wiranagara, kowe ngupayaa nujum ramal, kang bisa anjăngka sadurunge kalakon. Undangên mênyang ing ngarêpku mrene.

BTJ 3.52.8

Ki Wiranagara matur, inggih gusti, kula gadhah sadherekan patinggi ing dhusun Palar, punika asring anglampahakên panujuman. Samangke inggih wontên ing pamondhokan kula.

BTJ 3.52.9

Ki patinggi enggal tinimbalan. Sampun dumugi ing ngarsanipun panêmbahan. Ki Wiranagara wicantên, wakane patinggi, gustimu iki karsa sumêrêp kapintêramu anjăngka, matura ing satêmêne bae, aja nganggo wêdi. Ki patinggi matur botên sagêd. Ki Wiranagara wicantên malih, ki patinggi, yèn kowe ora gêlêm matur, amêsthi kowe bakal bilai ing sadina iki.

BTJ 3.52.10

Ki patinggi matur malih, kula inggih purun matur ing sayêktosipun. Nanging panyuwun kula, bilih ingkang badhe kula aturakên punika wontên ingkang botên prayogi, mugi gusti kula angapuntêna dhatêng kula. Panêmbahan anyambungi pangandika anyagahi. Ki patinggi nuntên matur, gusti, ing panjăngka kula panjênêngan dalêm tuwin rayi dalêm kangjêng sultan botên sagêd lulus jumênêng nata, sanajan darbea prajurit yutan. Nagari ing Kartasura kantun saaubing payung, inggih botên bêdhah dening panjênêngan dalêm tuwin rayi dalêm. Dene karsa [kar...] [...sa] dalêm adamêl prang punika badhe tanpa wêkas, mindhak angrisakakên tiyang alit. Sabab panjênêngan dalêm tuwin rayi dalêm botên kalilan ing Allah yèn jumênênga nata amêngku ing tanah Jawi, nanging panjênêngan dalêm ing benjing kagungan wayah jalêr, miyos saking putra dalêm wanodya, punika amêsthi badhe jumênêng nata angadhaton ing Sala utawi ing Ngadipala, sakilèning bênawi, wiwitanipun mêlas asih, wêkasanipun pinunjul. Karatonipun angungkuli para lêluhuripun ingkang sampun sami sumare, lamine karatonipun wolung dasa taun nuntên apês.

BTJ 3.52.11

Panêmbahan alon andangu, patinggi, ênggonmu duwe kawruh mangkono iku saka ing apa.

BTJ 3.52.12

Gusti, sêrap kula makatên punika awit saking kitab anama Suratul Nujum. Punika kitabipun. Panêmbahan sarêng mirêng aturipun ki patinggi wau sangêt ênggènipun lêgêg, sarta ênggènipun mangun pêrang lajêng kêmba, panêmbahan nuntên bidhal saking bètèng ing

BTJ 3.52.13

Marbung, kondur dhatêng ing Matawis, mundhut gilir kalihan Sultan Balitar, kang kinèn kantun wontên ing biting Pangeran Riya kalihan Tumênggung Jayabrata, ing sabên dintên tansah sami pêrang mariyêman. Têrkadhang bala Kumpêni mêdal saking bitingipun ing Malinjon, sumêja angrampid bitinging mêngsahipun. Nanging botên sagêd. Sabab papanipun sakalangkung pakèwêd [pa...] [...kèwêd] sarta kaêlêtan lèpèn jurangipun lêbêt, sarta bala ing Matawis sangêt ing pangatos-atosipun.