BTJ 3.53
Tohjaya Nglurug Têmbayat lan Pêjahipun Jayapuspita
Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 674-676
BTJ 3.53.1
Anuntên Tuwan Amral apirêmbagan kalihan Ki Patih Danurêja, sarèhning padhusunan sakidulipun nagari ing Kartasura kathah ingkang risak, amargi dipun jarah rayah dhatêng balanipun Surèngrana kang baris ing Picis, utawi bala ing Kartasura kang sami wira-wiri dhatêng pabarisan inggih asring dipun begali wontên ing margi, punika sami rêmbag anyuwun Ki Ngabèi Tohjaya dhatêng sang prabu, kawêdalna saking nagari anggêbaga mêngsah kang wontên ing Picis. Ki Patih Danurêja wau inggih sampun anglampahakên utusan sarta mawi sêrat katur ing sang prabu, sang nata sarêng sampun anampèni sêrat, nuntên animbali Ki Ngabèi Tohjaya, katantun punapa purun kaabên pêrang kalihan Dipati Natapura, atur wangsulanipun Ki Tohjaya purun, ing pundi panggenanipun kêpanggih botên ajrih, sabab kala pêrang ing Surabaya inggih punika mêngsahipun. Kalih dene pun Dipati Natapura punika tandangipun prang licik, kapurunanipun anênungkul, botên purun pêrang dhadha, sanès kalihan sadhèrèkipun kang nama Jayapuspita utawi Sasranagara, punika mênggaha sawung tanglêd purun gêntos gêbag-ginêbag.
BTJ 3.53.2
Sang nata sarêng mirêng aturipun Ki Tohjaya [Toh...] [...jaya] sakalangkung suka, Ki Tohjaya lajêng kadhawahan anglurug tumut ki patih tuwin Tuwan Amral, kaparingan sangu kalih atus reyal sarta waos satunggil prabot jêne, Ki Tohjaya tumuntên mangkat sarta kabêktanan sêrat, kaparingakên Tuwan Amral kalihan ki patih, lampahipun Ki Tohjaya sampun dumugi ing Malinjon. Sêrat lajêng kaparingakên dhatêng Amral. Tuwan Amral sarêng sampun maos sêrat sangêt ing bingahipun. Lajêng wicantên dhatêng Ki Tohjaya, Ki Tohjaya, samêngko bangêt bêgjamu, sang prabu bangêt sihe marang kowe, karo dene dhawuhe sang nata ora anglilani yèn kowe pisaha karo aku utawa karo bupati, lan jênêngmu amêsthi bakal daklêbokake ing êbuk. Para bupati sarêng sami mirêng wicantênipun Amral sami suka manahipun sarta sami asih dhatêng Ki Tohjaya.
BTJ 3.53.3
Ki Tohjaya nuntên kadhawahan dhatêng Amral. Kinèn ambêdhah ing Têmbayat. Sabab botên purun nungkul, taksih angidhêp dhatêng Panêmbahan Purbaya, Ki Tohjaya inggih tumuntên mangkat sabalanipun sarta kakanthenan bupati kêkalih, anama Radèn Natawijaya kalih Mangunnagara sabalanipun. Sarêng dumugi ing Têmbayat, pinêthukakên pêrang rame, tiyang ing Têmbayat kathah kang pêjah, amargi dipun amuk dhatêng Ki Tohjaya sabalanipun. Tiyang Têmbayat sami ngungsi dhatêng ing masjid. Ki Tohjaya angêlud. Kang kacandhak pinêjahan. Radèn Natawijaya angèngêtakên dhatêng Ki Tohjaya wicantênipun, he adhi Tohjaya, ampun bangêt gon dika siya-siya marang wong ing Têmbayat. Sabab punika padha trahing wali, kaya dene ing Giri tanah Surabaya. Ki Tohjaya sarêng mirêng wicantênipun Radèn Natawijaya, lajêng sila sarwi anyêmbah masjid kaping satus. Radèn Natawijaya pitakèn sarta gumujêng, adhi Tohjaya, punapa dika nyêmbah ing masjid.
BTJ 3.53.4
Ki Tohjaya amangsuli, milanipun kula nyêmbah masjid. Bokmanawi wontên pangeran kang trah wali katut kula pêjahi, supados kula sampun ngantos kenging ing walat. Radèn Natawijaya utawi ingkang sami mirêng lajêng sami gumujêng sadaya, nuntên sami wangsul dhatêng ing Malinjon.
BTJ 3.53.5
Gêntos kacariyos Ki Dipati Jayapuspita ing Japan, anandhang sakit sangêt. Ki Dipati Natapura kang wontên ing Picis dipun utusi, sarêng Dipati Natapura dumugi ing Japan, Sang Dipati Jayapuspita lajêng pêjah, balanipun sami bibar arêbat pagêsangan piyambak-piyambak. Srayanipun tiyang Bali inggih lajêng sami mantuk dhatêng ing Bali, dene para santananipun Sang Dipati Jayapuspita wau lajêng sami anunggil akalihan Ki Dipati Natapura wontên ing Japan.