BTJ 3.54

Purbaya-Balitar Lolos lan Sunan Kuning Sinedanan

Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 677-680

BTJ 3.54.1

Kacariyos Panêmbahan Purbaya kang abêbiting wontên ing Marbung, ênggènipun ajêng-ajêngan kalihan Kumpêni utawi bala ing Kartasura laminipun sampun wolung wulan. Ing sabên dintên tansah sami pêrang amariyêman. Kala samantên Panêmbahan Purbaya sarta bala ing sawêtawis bidhal saking Marêbung kondur dhatêng ing Matawis. Karsa mundhut gilir ingkang rayi Sultan Balitar, nanging sarêng dumugi ing Matawis lajêng pradangdosan. Utawi Sultan Balitar sarta Pangeran Riya inggih lajêng sami pradangdosan sagarwa putranipun tuwin balanipun sadaya, sumêja lolos dhatêng tanah ing

BTJ 3.54.2

măncanagari, sarêng sampun samêkta lajêng bidhal saking ing Matawis. Arêrêp wontên ing dhusun Kêbon Agung, panêmbahan anuntên angutusi balanipun kang taksih wontên ing Marêbung, kinèn sami anilar bitingipun ing wanci dalu, sarêng ing wanci dalu bala Mataram kang wontên ing biting inggih nuntên sami bidhal. Bala Kartasura tuwin Kumpêni botên wontên kang sumêrêp.

BTJ 3.54.3

Ing sanèsipun dintên Tuwan Amral sumêrap yèn panêmbahan sarta sultan sabalanipun sampun bidhal mangetan. Tuwan Amral sakumpêninipun tuwin bala ing Kartasura lajêng sami anututi, anurut ing salasahipun. Lampahipun panêmbahan mêdal ing Manyaran, anjog ing Laroh, sampun kumpul kalihan Pangeran Hèrucakra, [Hèruca...] [...kra,] lajêng mangetan mêdal ing Kaduwang anjog ing Kamagêtan. Wontên ing ngriku lampahipun katututan. Lajêng pêrang kalihan Kumpêni sakêdhap. Panêmbahan kawon, lumajêng dhatêng kitha ing Madiun. Kèndêl wontên ing ngriku sarta tata-tata.

BTJ 3.54.4

Wondene Tuwan Amral arêrêp wontên ing Kamagêtan. Lajêng pirêmbagan kalihan ki patih sumêja mantuk dhatêng ing Kartasura, kang tinilar kinèn baris ing ngriku Radèn Arya Pringgalaya kalih Radèn Natawijaya, kakanthenan bupati pasisir sawêtawis. Sanèsipun punika sadaya sami kabêkta mantuk dhatêng ing Kartasura, lampahipun Amral sakumpêninipun sampun dumugi ing Kartasura sarta sampun amratelakakên dhatêng ing sang prabu salampahipun sadaya, Ki Ngabèi Tohjaya lajêng ginanjar nagari ing Lamongan, kapatêdhanan nama Tumênggung Tohjaya, lajêng kadhawahan mantuk dhatêng ing Lamongan anataa nagarinipun sarta adamêla prajurit.

BTJ 3.54.5

Tuwan Amral anuntên pirêmbagan kalihan ki patih, kinèn akintun sêrat dhatêng Ki Tumênggung Mangunonêng ing Pathi, kapurih bujuka Pangeran Arya Mataram kang jumênêng nata wontên ing Garobogan. Pangeran Arya Mataram wau dipun aturi ing Tuwan Amral têdhak dhatêng ing Japara, sagah badhe kaangkat jumênêng nata amêngku [a...] [...mêngku] ing tanah Jawi, prajangjeanipun kalihan Kumpêni anuruta kados prajangjeanipun Sinuhun Pakubuwana suwargi, nanging Tuwan Amral nyuwun epah nagari ing Surabaya kalihan ing Japara, tiga ing Dêmak. Utusanipun ki patih ingkang ambêkta sêrat inggih enggal lumampah, sampun dumugi ing Pathi, sêrat inggih sampun katampèn dhatêng Ki Tumênggung Mangunonêng, sêrat lajêng kaaturakên dhatêng Pangeran Arya Mataram, sarta Ki Mangunonêng akathah-kathah aturipun amurih

BTJ 3.54.6

pangeran puruna têdhak dhatêng Japara, Pangeran Arya Mataram wau inggih lajêng kamologên galihipun. Botên sumêrêp yèn badhe kenging ing paekan. Enggal angundhangi balanipun, nuntên bidhal dhatêng ing Japara, Ki Mangunonêng botên kenging pisah.

BTJ 3.54.7

Wondene Tuwan Amral inggih sampun mangkat saking Kartasura sarta ambêkta Ki Dipati Citrasoma ing Japara, dumuginipun ing Japara sarêng kalihan rawuhipun Pangeran Arya Mataram. Kumpêni ing Japara tuwin Tuwan Amral sangêt ênggènipun sugun-sugun dhatêng Pangeran Arya Mataram. Pakurmatipun kasami kalihan sang prabu, pangeran sagarwa putranipun sami eca ing galihipun.

BTJ 3.54.8

Sarêng sanèsipun dintên Pangeran Arya Mataram sarta putra tuwin mantunipun kathahipun wolu sarêng dumugi salêbêting [sa...] [...lêbêting] loji lajêng cinêpêngan, binêkta dhatêng pasisir, sinedanan wontên ing ngriku, sinêngkalan 1645.